Maulid Nabi merupakan salah satu peringatan besar dimana umat Muslim merayakan hari kelahiran Rasulullah SAW pada 12 Rabiul Awal. Untuk tahun ini, peringatan Maulid Nabi akan dilaksanakan pada Senin, 16 September 2024 yang juga telah ditetapkan pemerintah sebagai hari libur nasional.

Peringatan Maulid Nabi di Indonesia biasanya diisi dengan berbagai kegiatan, mulai dari pengajian, tabligh akbar, hingga sholawatan. Pada kegiatan tersebut, biasanya terdapat sesi penyampaian pidato oleh tokoh masyarakat atau tokoh agama tertentu.

Penyampaian pidato ini sendiri bisa disesuaikan dengan bahasa daerah maisng-masing agar lebih mudah dipahami, salah satunya menggunakan Bahasa Jawa.

Berikut di bawah ini sejumlah contoh pidato bahasa Jawa tentang Maulid Nabi yang bisa dijadikan referensi.

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi

Berikut ini tiga contoh pidato dalam bahasa Jawa yang bisa dijadikan sebagai referensi untuk acara peringatan Maulid Nabi 2024.

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi(freepik)

Contoh Pidato 1

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

بسم الله الرحمن الرحيم - اَلْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ - وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى اُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ - وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ - لاَحَوْلَ وَلاَ قُوّةَ اِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ - اَمَّا بَعْدُ

Dumateng pangarsanipun para alim, para kiyai, para Habaib, sesepuh pini sepuh aji sepuh, kasepuhanipun agami ugi kasepuhanipun masyarakat, ingkat satuhu dahat kinabekten.

Wabil akhos dumateng panjenenganipun Romo Kyai ...saking ..., ingkang tansah kito tenggo punopo ingkang dados barokah do'anipun soho barokah ilmunipun. Ingkang kawulo hurmati dumateng panjenenganipun Bapak kepala Desa ... inggih Bapak ... dalah sedoyo perangkatatipun. Ingkang kawulo hurmati dumaateng panjenenganipun ....

Hadirin wal hadhirot Rahimakumullah. Kepareng matur aminagkani pranoto dicoro wonten adicoro pengetan Maulidun Nabi meniko sepindah monggo kulo lan panjenengan sami tansah muji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, atas sedoyo kenikmatan, taufik, hidayah soho inayahi-Pun.

Sahinggo kulo lan panjenengan sami saget hadhir wonten ing adicoro pengetan wiyosipun Nabi Muhammad Rasulillah SAW kanti sahe, mugi-mugi hadhir kulo lan panjenengan sami wonten majlis dalu/siang/sonten meniko tansah pikantuk ridhanipun Allah SWT, Amin Ya Rabbal 'Alamin.

Ingkang ongko kalih, sholawat lan salam saking Allah, mugiyo kujuk atur dumateng junjungan kito, Baginda Nabi Agung Muhammad SAW, kanti pangajab mugi-mugi kito sedoyo, keluargi kito sedoyo tansah pikantuk syafa'atipun langkung-langkung syafa'at benjang dinten kiyamah. Amin Allahumma Amin.

Ingkang kaping tiga, kawulo ngadek wonten ngarso penjengan sami inggih aminangkani pranoto adicoro wonten ing adicoro pengetan Maulid Nabi wonten ing dalu/siang/sonten meniko, lan sak derengipin dipun milai, kawulo badhe mahosaken rantaman adicoro ingkang badhe kalampah.

Inkang ongko sepindah inggih meniko pambuko
Ingkang kalih wahosan ayat-ayat suci Al Qur'an
Ingkang ongko tigo tahlil.

Lan adicoro ingka ongko sekawan inggih puniko sambutan-sambutan. Sambutan ingkang sepindah inggih sambutan saking ketua panitia. Sambutan kaping kalih sambutan saking sesepuh kaum. Lan sambutan ingkang kaping tiga sambutan saking kepala desa (...).

Adicoro ingka ongko gangsal inggih puniko istirohat.
Adicoro ingka ongko enem inggih mau'idhotul hasah.
Lan adcicoro ingkang terakhir inggih puniko panutup.
Mekaten menggah rantaman adciro ingkang badhe kalampah wonten ing pengahosan dalu meniko. Lan adciro ingkang kaping sepindah inggih puniko pambuko monggo adicoro pengahosan umum.

Niki dalam rangka pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW wonten ing dalu/siang/sonten meniko kito purwakani sesarengan kanti wahosan Suratul Fatihah, mugi-mugi kanti wahosan kito sami adicoro dalu meniko saget kalampah kanti lancar kangti mboten wonten aral satunggal punopo, monggo kawulo dereaken.

(Al-Fatihah)

Maturnuwun, kalajengaken adicoro ingkang ongko kalih nuwun inggih wahosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkan badhe kawahos deneng panjenenganipun Al Ustadz (...), wekdal soho sasono dipun sumanggaaken.

(Setelah membaca Al-Qur'an)

Mekaten wahosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkang sampun kawahos deneng panjenenganipun Al Ustadz (...), peramilo dumateng panjenenganipun dipun aturaken matur suwun.

Kalajenganken adicoro ingkang ongko tigo, inngih puniko tahlil, ingkan badhe dipun pimpin panjenenganipun Bapak KH (...), dumateng panjenenganipun wekdal soho sasono dipun aturaken sumonggo.

Contoh Pidato 2

Assalamu’alaikum wr.wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum muslimin lan muslimat ingkang kinurmatan.

Saderengipun mangga kula tuwin panjenengan sami sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti Allah SWT. Dene kula tuwin panjenengan sami taksih sami pinaringan rahmat hidayahipun, kasugengan, karaharja, saengga taksih saged makempal wonten ing papan mriki.

Ing dinten punika tanggal 12 Rabiul Awal taun 1446 Hijriah utawi tanggal 16 wulan September taun 2024 Masehi, kula tuwin panjengan sami saged makempal wonten ing Masjid (...) mriki, ingkang saperlu mengeti dinten Maulid Nabi junjungan kita inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing Masjid (...) mriki, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa angrawuhi pengetan wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing panggenan mriki.

Minangka pratandha sampun manteb tuwin raos nglegena dhumateng agami islam minangka pitedah kabagyanipun agesang wonten ing alam donya dumugi akhirat. Wondene inti saking pengetan punika badhe dipunwedaraken dening Bapak (...) saking (....).

Kula kinten atur pambuka pengetan dinten Maulid Nabi ing dalu punika kula cakapi semanten kemawon. Salajengipun mangga sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kula wiwiti kanthi waosan basmalah sesarengan. “Bismillahirrohmannirrahim.”

Cekap semanten atur kula, Akhirul kalam wabillahittaufiq walhidayah.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Contoh Pidato 3

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Sedaya puji kagunganipun Allah, Pangeraning alam. Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Allah SWT amargi kanthi rahmat saha hidayahipun kita sedaya saged makempal wonten mriki kanthi sehat wal afiat mboten wonten kekiranganipun.

Boten kesupen sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun junjungan kita Nabi Muhammad SAW. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken pidato singkat babagan sifat-sifat kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Ing kalodhangan punika sumangga kita sesarengan mengeti dinten miyosipun Nabi Muhammad SAW. Dheweke dadi panutan kanggo kabeh manungsa. Sifat-sifat kanjeng Nabi Muhammad SAW wonten sekawan ingkang kedah kita tindakaken wonten ing padintenan, inggih menika:

1. Siddiq (Jujur)

Punika kaandharaken wonten ing Al-Qur'an ingkang tegesipun: "He wong-wong kang padha iman! Manawa sira teka ana wong duraka kanthi nggawa kabar, banjur padha nyinau bab kang bener, supaya sira aja nganti gawe cilaka marang sawijining kaum marga saka kebodohan (kecerobohan), lan wekasane sira getun marang tumindakira (Q.S. Al-Hujurat: 6).

2. Amanah (Dapat Dipercaya)

Kados wonten ing hadis Kanjeng Nabi dawuh: "Imane wong kang ora netepi amanah iku ora sampurna" (H.R. Ahmad).

3. Tabliq (Menyampaikan)

Ciri ingkang kaping tiga punika dhawuhipun Kanjeng Nabi ing H.R. Ahmad ingkang tegesipun: "Sing sapa ngatonake kabecikan, bakal oleh ganjaran kaya wong kang nindakake kabecikan iku."

4. Fathonah (Pintar)

Ciri kang kaping telune Nabi Muhammad iku fathonah. Fathonah tegese pinter utawa pinter. Iki dicritakake ing hadis Riwayat At-Tirmidzi, Nabi ngendika ing hadis: "Wong-wong sing paling akeh ngelingi mati lan paling siap kanggo ngadhepi iku, wong-wong sing paling pinter, dheweke lunga kanthi kamulyan ing donya lan kamulyan ing donya. akhirat."

Mugi-mugi kita sedaya saged dados pribadi ingkang langkung sae lan mujudaken sekawan sifat teladan Nabi Muhammad SAW. Matur nuwun. Wassalamualaikum Wr. Wb.

Itulah tiga contoh pidato bahasa Jawa tentang Maulid Nabi yang bisa dijadikan sebagai referensi.