10 Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan yang Sarat Makna

Ghina Aulia
10 Juni 2024, 14:35
Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan
ANTARA FOTO/Adiwinata Solihin/foc.
Kepala Kantor Perwakilan (KPw) Bank Indonesia (BI) Gorontalo Dian Nugraha (kiri) mengenalkan ciri keaslian uang Rupiah kepada pelajar pada peluncuran modul ajar cinta bangga paham (CBP) Rupiah di Lapangan Buladu, Kota Gorontalo, Gorontalo, Kamis (2/5/2024). Modul ajar tahun 2024 bagi jenjang Sekolah Dasar dan Sekolah Menengah Pertama (SMP) tersebut bertujuan untuk meningkatkan kecintaan terhadap Rupiah, merawat Rupiah dengan baik serta menjaga Rupiah dari peredaran uang palsu, bangga kepada Rupiah sebagai a
Button AI Summarize

Pidato dalam bahasa Jawa dikenal dengan istilah Sesorah. Secara bahasa sesorah berarti kegiatan membaca pidato. Tidak terbatas dalam menyampaikan pidato secara resmi, sesorah juga bisa digunakan dalam konteks sambutan.

Sesorah juga disebut sebagai medhar sabda, yaitu menciptakan gagasan melalui ucapan di hadapan khalayak. Layaknya pidato secara umum, sesorah tersusun atas rangkaian struktur.

Struktur Penyusun Sesorah

1. Uluk

Uluk merupakan salam pembuka yang berguna untuk membuka sesorah.

2. Purwaka

Purwaka dalam sesorah merupakan bagian pengantar. Termasuk di dalamnya ucapan syukur dan terima kasih.

3. Suara basa

Bagian ini membahas tentang isi sesorah atau pidato secara keseluruhan.

4. Dudutan

Dudutan merupakan kesimpulan-kesimpulan penting yang disampaikan sebagai penegasan dari isi sesorah.

5. Pangarep-arep lan pesen

Bagian ini berisi pesan-pesan kepada pendengar.

6. Wasana basa

Berisi ucapan terima kasih dan permintaan maaf apabila ada kekeliruan dalam berpidato.

7. Salam panutup

Berisi salam penutup.

Terkait dengan itu, kali ini kami juga ingin menyertakan sederet contoh pidato bahasa Jawa tentang pendidikan. Berhasil dirangkum dari berbagai sumber, berikut lengkapnya.

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (1) 

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah Dasar Sukamulya

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas 1 dumugi 6 Sekolah Dasar Sukamulya

Lan rencang-rencang, siswa/siswi Sekolah Dasar Sukamulya ingkang kula tresnani.

Mboten wonten ucapan luwih agung, tinimbang puji syukur dumateng gusti Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan karunia iman lan kesehatan Sholawat lan salam ugi katuraken dumateng junjungan kito, Nabi Muhammad SAW ingkang sampun maringi petunjuk dumateng kita sedoyo.

Ing papan menika, kawulo dipun utus dateng rencang-rencang sedanten supados nyampeaken sesorah bab pendidikan kagem mengeti Hari Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei.

Pendidikan menika sangat penting kangge siswa siswi SD Sukamulya khususipun, ugi masyarakat Indonesia umumipun.

Menawi pendidikan mboten kecukupan, urip menika mboten saged tata.

Mula, kito sedaya tansah nguri-uri budaya maca supados pendidikan saged mlaku kanthi lancar. Ki Hajar Dewantara, Bapak Pendidikan Nasional merjuangaken pendidikan kagem rakyat Indonesia.

Pendidikan ingkang kadah dipun perjuangaken contonipun budi pekerti lan pendidikan moral.

Siswa siswi SD Sukamulya kados ngangsu kawruh wonten papan sekolah ugi papan panggonan sareng ibu bapak.

Ampun kesupen ngangsu kawruh bab agama amarga ilmu kasebat penting kagem urip ing jaman samenika.

Cekap semanten sesorah pendidikan ingkang saged kula aturaken.

Mugi-mugi wonten manfaatipun Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agunging samudro pangeksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (2) 

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dhumateng para bapak ibu ingkang kinormatan. Ing dinten niki sumangga kita ngaturaken syukur dhumateng gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat saenggo kita saget kempal wonten mriki kangge ngengeti pendidikan nasional.

Sanget perlu kita sedaya sumerapi pemerintah bangsa indonesia dan dalam kitabipun UUD 1945 sampun wonten program wajib belajar 9 tahun.

Wekdal nabi menika tasih gesang nempel wonten program lan perintah wajib belajar kagem umat. Perkara niku sedaya umat beliau saged dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan ingkang apa kang sedya. Boten dados umat ingkang bodo. Menika uga pengendakane nabi dalam riwayat ibnu abdil barr.

Pados ilmu niku tekan negeri cina mboten nopo-nopo. Ing agami Islam meniko, kita diwanti-wanti madosi ilmu kanti tebih.

Para hadirin ingkang kinurmatan. Ing dinten hari pendidikan nasional punika, monggo kita sedaya kula lan panjenengan ningkataken malih anggenipun kito pados ilmu, menika ilmu agami utawi ilmu pengetahuan. Ilmu ingkang wonten hubungan kaliyan gesang ing dunyo lan wonten ilmu ingkang kaliyan akhirat.

Cukup sementen sesorah ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun agungeng pangapura.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (3) 

Assalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.

Ingkang kula khurmati bapak kepala sekolah (Nama Sekolah).

Ingkang kula khurmati bapak/ibu guru (Nama Sekolah)

Ingkang kula khurmati para bapak lan ibu wali murid siswa (Nama Sekolah)

Ingkang sepisan sumangga kita ngaturaken raos sokur dhumaten Gusti Allah Ingkang Maha Wikan mergi namung saking sih katresnanipun kita saged nyawiji raos ing papan ngriki kanthi boten wonten alangan setunggal punapa.

Kaping kalihipun salawat ugi salam mugya tansah konjuk dhumateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu.

Bapak ugi ibu sedaya, ing kalodhangan punika kula dipun sukani jejibahan supados ngandharaken sesorah babagan wigatinipun pamulangan dhumateng para siswa kagem mengeti dinten Pendidikan Nasional. Kalenggahanipun pendhidhikan tumraping gesang menika wigati sanget. Amargi namung pendhidhikan ingkang saged dipun dadosaken cepengan ugi gaman kagem ngadhepi obah mosiking jaman.

Lumantar pendhidhikan kita saged ngudhari sakehing reruwet ingkang wonten gesangipun manungsa saben dintenipun. Salejingipun ing pengetan dinten pendhidhikan menika, prayoginipun kita tansah kedah emut dhumateng lelabuhanipun Ki Hajar Dewantara ingkang sampun paring awer-awer kados pundi pendhidhikan ingkang sae.

Ki Hajar Dewantara sampun paring dhawuh menawi pendhidhikan menika boten namung papan pamulangan utawi sekolah kemawon. Amargi ingkang nami pendhidhikan menika saged ditindakaken dhateng pundi kemawon. Kajawi dhateng sekolahan, pendhidhikan ugi kedah saged ditindakaken dhateng lingkungan masyarakat. Salajengipun Ki Hajar Dewantara ugi nate matur menawi ing alam menika kalenggahanipun murid sarta guru menika sami.

Guru saged sinau dhateng murid, semanten ugi murid ugi kedah sinau dhumateng guru. Kahanan kados mekaten bakal ndadosaken sedaya pihak bakal ngupaya supados dados langkung becik saben dintenipun. Ing perangan sanes, Ki Hajar Dewantara ugi ngemutaken menawi ing jagading pamulangan sedaya pihak saged nindakaken among, asih, sarta asah.

Ingkang tegesipun ngajab amrih saged momong, saged andum asih, sarta saged ngasah kabisanipun siswa supados dados langkung sae tinimbang dinten wingi. Bapak lan ibu sedaya, kanthi ngeling-eling pesenipun Ki Hajar Dewantara mugya saged ndadosaken kit tiyang ingkang sae.

Cekap semanten rumiyin atur kula. Menawi wonten kirang langkungipun. Kula nyuwun agunging pangaksami.

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (4) 

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Dhumateng Bapak Ilham selaku Kepala Sekolah SMP Merdeka Terus

Dhumateng Bapak lan Ibu guru sedoyo.

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Sepindah, sumonggo kito sedoyo tansah muji syukur dumateng ngersane Allah Swt. kang moho luhur, deneng punopo kawulo panjenengan tasih pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, soho inayah sehinggo kito sedoyo saget dateng wonten mriki kanti sehat.

Kaping kalih, sholawat serta salam mugi-mugi tetep kaaturaken dateng Nabi Muhammad saw.

Kanti arep-arepan mugio kito niki angsal syafaatipun mbesok ing yaumil qiyamah.

Hadirin ingkang kulo hormati,

Ingkang mengeti Hari Pendidikan Nasional niki, kulo badhe maringi saketik tutur kata tentang pendidikan. Pendidikan niku identik kaliyan lembaga sekolah, pondhok pesantren, bimbel lan liyane.

Wonten ing sekolahan para siswa-siswi diwenehi pendidikan ugi wawasan lmu alam, wawasan ilmu sosial, lan ilmu agama.
Ananging pendidikan niku mboten ing sekolah formal mawon, sebab menungso urip meniko kedah selalu belajar wonten ing pundi kemawon tempat.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Pendidikan ingkang penting sanget punika wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki saya amburadul, saya rusak amargi kurang benteng ilmu agama ugi ilmu akhlak lan tata krama.

Mula tugas para guru lan wali murid kudu nemeni anggene ndidik para putra-putri terutama nipun ndidik akhlak supados bener lan pinter.

Contonipun kemerosotan akhlak budi pekerti niku katah saget mulai saking griya kalih tiyang sepuhipun.

Sakniki sampun jarang nggih mireng putra-putri matur kalih tiyang sepah ngagem krama, sing katah nggih ngagem bahasa ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih menika bahasa krama luwih-luwih krama inggil.
Hadirin ingkang kulo hormati.

Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih punika ndidik supados para siswa saget mangertosi ilmu umum, agama, adab lan ugi tata krama. Mula bocah-bocah sing ora padha gelem sekolah ayo padha diajak supados gelem melbu sekolah aning, sebab menawi putra-putri generasi penerus mboten purun sekolah mangke saget ngrasakke piyambak gelane ora sekolah.

Pun cekap semanten ingkang kulo aturaken, mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo kalebet tiyang kang pikantuk rahmat, lan ridha ne Allah.

Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapura.

Wa‘alaikumus salam warahmatullahi wabarakatuh.

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (5) 

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Dumateng bapak/ibu kepala sekolah, kaliyan bapak/ibu guru ingkang kula hormati.

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo kito ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Swt. ingkang sampun paring rahmat dhumateng kito sedaya.

Saengga kito saged makempal wonten ing papan menika kanthi sehat wal afiat. Bapak ibu serta rencang-rencang ingkang kinurmatan.

Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba kaliyan obat-obatan ingkang dipun larang.

Kito sedoyo sampun keterangan barito ing pawartos tivi sok sinten ingkang ginakaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kito sedaya.

Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit. Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ampun pisan-pisan nggunakake narkoba kaliyan obat-obatan terlarang meniko.

Monggo kito sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.
Bapak, ibu guru kaliyan rencang-rencang ingkang kinurmatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika Kulo ngajak monggo kito tansah njaga badan kito ampun ngantos ngginakaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah.

Mugo-mugo kito sedoyo dados umat ipun ingkang becik.

Wa‘alaikumus salam warahmatullahi wabarakatuh.

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (6) 

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani,

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti Allah Swt. amargi sampun maringi berkah lan karunia.

Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani,

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa.

Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani,

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan.

Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani,

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki.

Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Unggul Selalu menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya.
Kangge ngresiki sekolah kita iki.

Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik. Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.

Wa‘alaikumus salam warahmatullahi wabarakatuh.

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (7) 

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Salam sejahtera kagem kito sedoyo,

Om swastiastu,

Namo buddhaya,

Salam kebajikan,

Rahayu.

Monggo sami-sami ngaturaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, keranten rahmat saha hidayahipun kulo lan panjenengan sedoyo saget mengeti dinten Pendidikan Nasional 2 Mei 2024 tanpo alangan satunggal punapa.

Para sedherek ingkang minulyo,

Pendhidhikan iku mujudake sektor ingkang wigatos kagem pembangunan negeri. Pendhidhikan mbantu negara mbentuk penerus ingkang saget tanggung jawab ing mangsa kang bakal teko.

Nelson Mandela nate ngendika yen, "Pendhidhikan minangka senjata paling ampuh ingkang saget panjenengan gunakake kanggo ngubah donya." Pramila, ningkataken Pendhidhikan iku bakal onten terus ngetutake tantangan global sing maju menyang peradaban modern. Gedhene peran sektor pendhidhikan ing sawijining negara mesthi dipengaruhi dening komponen penggerak, yaiku guru.

Tanpa guru, pendidikan sing berkualitas ing sawijining negara ora bisa mlaku kanthi bener. Kasunyatan umum yen guru asring diarani minangka jantung pendidikan. Guru minangka pilar panyengkuyung kanggo kita kabeh sing nduweni peran kanggo nuntun, ngarahake lan menehi conto ingkang sae nalika lungguh ing sekolah.

Pramila wonten ing adicara dinten Pendidikan Nasional menika, monggo sareng-sareng mbetahaken wekdal kangge ngapresiasi jasa-jasa Ibu saha Bapak Guru ingkang boten wonten tandhinganipun. Matur nuwun kanggo para guru ingkang sampun dados panutan urip lan mbantu kita sedoyo tuwuh dados tiyang ingkang becik.

Para sedherek ingkang minulyo,

Mekaten pidhato ingkang saget kulo aturaken. Mugia kita sedaya tansah pinaringan karaharjan saha kasuksesan.
Sugeng Dino Pendhidhikan Nasional 2024.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (8) 

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dumateng bapak/ibu kepala sekolah, kaliyan bapak/ibu guru ingkang kula hormati. Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo kito ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Swt. ingkang sampun paring rahmat dhumateng kito sedaya.

Saengga kito saged makempal wonten ing papan menika kanthi sehat wal afiat. Bapak ibu serta rencang-rencang ingkang kinurmatan.

Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba kaliyan obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun keterangan barito ing pawartos tivi sok sinten ingkang ginakaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kito sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit.

Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ampun pisan-pisan nggunakake narkoba kaliyan obat-obatan terlarang meniko. Monggo kito sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.

Bapak, ibu guru kaliyan rencang-rencang ingkang kinurmatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika Kulo ngajak monggo kito tansah njaga badan kito ampun ngantos ngginakaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umat ipun ingkang becik.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (9) 

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun 2024.

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun:

“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (10) 

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah Dasar Sukamulya

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas 1 dumugi 6 Sekolah Dasar Sukamulya

Lan rencang-rencang, siswa/siswi Sekolah Dasar Sukamulya ingkang kula tresnani.

Mboten wonten ucapan luwih agung, tinimbang puji syukur dumateng gusti Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan karunia iman lan kesehatan Sholawat lan salam ugi katuraken dumateng junjungan kito, Nabi Muhammad SAW ingkang sampun maringi petunjuk dumateng kita sedoyo.

Ing papan menika, kawulo dipun utus dateng rencang-rencang sedanten supados nyampeaken sesorah bab pendidikan kagem mengeti Hari Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei.

Pendidikan menika sangat penting kangge siswa siswi SD Sukamulya khususipun, ugi masyarakat Indonesia umumipun.
Menawi pendidikan mboten kecukupan, urip menika mboten saged tata.

Mula, kito sedaya tansah nguri-uri budaya maca supados pendidikan saged mlaku kanthi lancar. Ki Hajar Dewantara, Bapak Pendidikan Nasional merjuangaken pendidikan kagem rakyat Indonesia. Pendidikan ingkang kadah dipun perjuangaken contonipun budi pekerti lan pendidikan moral.

Siswa siswi SD Sukamulya kados ngangsu kawruh wonten papan sekolah ugi papan panggonan sareng ibu bapak.

Ampun kesupen ngangsu kawruh bab agama amarga ilmu kasebat penting kagem urip ing jaman samenika. Cekap semanten sesorah pendidikan ingkang saged kula aturaken.

Mugi-mugi wonten manfaatipun Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agunging samudro pangeksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Demikian pembahasan tentang pidato bahasa Jawa tentang pendidikan beserta contohnya. Semoga bermanfaat sebagai referensi atau acuan penulisan.

Editor: Safrezi

Cek juga data ini

Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...