3 Contoh Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus 2024 Bahasa Jawa

Tifani
Oleh Tifani
30 Juli 2024, 14:19
Contoh Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus 2024 Bahasa Jawa
Katadata
Contoh Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus 2024 Bahasa Jawa
Button AI Summarize

Hari Kemerdekaan Indonesia 17 Agustus 2024 tinggal sebentar lagi. Ada berbagai cara yang dapat dilakukan untuk memeriahkan hari penting ini, salah satunya adalah malam tirakatan yang digelar pada malam menjelang hari kemerdekaan atau 16 Agustus.

Malam tirakatan adalah sebuah tradisi yang dilakukan oleh masyarakat Indonesia khususnya Jawa. Dalam susunan acara malam tirakatan, umumnya akan diisi sambutan-sambutan.

Berikut ulasan mengenai sambutan malam tirakatan 17 Agustus 2024.

Contoh Sambutan Malam Tirakatan 17 Agustus 2024 Bahasa Jawa

Malam tirakatan bertujuan untuk mengungkapkan rasa syukur atas nikmat kemerdekaan yang telah diraih. Malam tirakatan juga menjadi wadah bagi masyarakat untuk berkumpul, berinteraksi, dan mempererat tali silaturahmi antar warga.

Isi sambutan malam tirakatan pada 16 Agustus juga tidak jauh dari tujuan tradisi ini. Berikut contoh sambutan malam tirakatan 17 Agustus 2024 dalam Bahasa Jawa

Contoh Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa untuk Ketua Panitia

Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus (Freepik)

Assalamualaikum Wr. Wb.

Matur nuwun dhumateng adhik pranatacara awit paringipun wekdal dhateng kula. Kula nuwun, sagung para alim ulama ingkang dhat kinurmatan, saha sadaya warga ageng ... ingkang minulya ing budi. Kaparenga kula mapras kamardhikan sagung para tamu ingkang saweg satata lenggah eca imbal wacana, nun inggih keparenga kula ngadeg ing ngriki minangka panitia pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping 79.

Langkung rumiyin kula muji syukur dhumateng Allah saha ndherek ndedonga mugi negari kula dalah panjenengan pinaringan dirga yuswa tansah pinaringan sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Selajengipun, kula ngaturaken maewu-ewu agunging panuwun awit sedaya warga ... ngriki sampung kersa rawuh ing kalodhangan menika saha kersa paring pambiyantu wujud menapa kemawon ingkang boten saged kula piji mbaka setunggal, saengga adicara pengetan dinten kamardhikan 17 Agustus menika saged lumampah kanthi rancag.

Lan mbokbilih ing dalu menika panitia boten saged caos palenggahan saha pamboja krama ingkang trep kaliyan penggalih Panjenengan sadaya, saestu panitia namung tadhah lumah tetesing aksama.

Sagung para pilenggah ingkang mahambeg berbudi utami, sumangga kanthi pengetan ing dalu menika, sareng-sareng ngengingaken cipta saha ndedonga mugi-mugi negari Indonesia tansah pinaringan gemah ripah loh jinawi, murah ingkang sarwa tinumbas, tuwuh ingkang tinanem, jejeging peprentahan linambaran adil paramarta, boten sami cecengilan, gontok-gontokan rebatan panguwaos, saha enggal luwar saking krisis ingkang ngeres-eresi menika, Allahuma amin.

Wasana, sumangga kasekecakna lelenggahan ngantos paripumaning adicara. Kula piyambeg ingkang kajibah matur namung titah sawantah, ingkang boten sepi saking lepat, pramila menawi kathah sisip sembiring atur saha kirang trapsilaning patrap, kersa mbedhah korining samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Wekdal katur dhateng pranatacara. Nuwun.

Contoh Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa Singkat

Kata-kata Sambutan 17 Agustus
Kata-kata Sambutan 17 Agustus (Freepik)

Bismillahirrahmannirrahim

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Para pepundhen ingkang satuhu kinabekten,

para pinisepuh miwah sesepuh ingkang dhahat kinurmatan,

Lurah [nama wilayah] Bapak/Ibu .... ingkang kula hormati,

Dukuh [nama wilayah] Bapak/Ibu ...

Bapak-bapak, ibu-ibu warga [nama wilayah] ingkang minulya,

saha sedherek kadang kaneman ingkang sutresna

Alhamdulillah, Alhamdulillahirobbil 'alamin, wash-sholatu wassalamu ala Rasulillah wala haula walla quwwata illa billah amma ba'du.

Sumongo kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah Swt. ingkang Mahawelas lan Mahaasih, ingkang tansah paring mapinten-pinten rahmat lan hidayahipun, saenggo kita sedaya saged makempal ingin papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus ing [nama wilayah] menika.

Shalawat saha salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita sedaya, Nabu Muhammad saw. ingkang kita tengga syafaatipun wonten ing yaumul akhir samangke. Aamin.

Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang minulya, keparenga kula minangka perwakilan panitia pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 79 wonten ing taun 2024 menika, ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga [nama wilayah] ingkang sampun kersa paring pambiyantu dhumateng panitia, saengga reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 79 tahun menika saged lancar saking purwakaning kegiatan dumugi pungkasan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, panitia ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, soho adik-adik ingkang sampun kersa nderek sarta ngregengaken lomba 17 Agustus wonten ing [nama wilayah] menika. Mugi-mugi lomba-lomba menika, saged ndadosaken warga [nama wilayah] langkung kompak saha langkung guyub.

Bapak-bapak saha ibu-ibu, ingkang pungkasan, kula minangka wakil panitia ugi nyuwun agunging pangapunten mbok menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 77 menika, panitia kathah klenta-klentunipun ingkang mboten nujuprono ing penggalih.

Saking kula cekap semanten,

wabillahi taufiq wal hidayah,

Wassalamualaikum wr. wb.

Contoh Sambutan Malam Tirakatan Bahasa Jawa

Ucapan Hari Kemerdekaan 17 Agustus Bahasa Jawa
Ucapan Hari Kemerdekaan 17 Agustus Bahasa Jawa (Freepik)

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuhu

Para pepundhen,

Par sesepuh,

tuwin para pinisepuh

Bapak/Ibu Lurah/Dukuh ingkang dhahat kinurmatan,

saha para warga padukuhan/RW/RT ingkang minulya,

Langkung rumiyin, sumangga kita sedaya amemuji syukur dhumateng Allah Swt. ingkang maringi rahmat, ugi hidayah, saengga kula dalah panjenengan saget mlampah wonten ing papan menika, saperlu ngrawuhi tirakatan pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 78.

Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang kula tresnani,

Kamardikan Indonesia ingkang dipun pengeti pendhak 17 Agustus boten miyos saking pitulungan bangsa utawi negari sanes. Kamardikan menika miyos saking usaha para pahlawan, leluhur kita piyambak. Rikala Jumat tanggal 17 Agustus 1945, para founding father sampun kasil maosaken Teks Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia.

Proklamasi dados puncak perjuangan soho pangurbanan para pahlawan supados uwal saking blenggunipun penjajah. Mawi proklamasi wonten ing Jalan Pegangsaan Timur Nomor 56 menika, kamardikan Indonesia dipunkumandhangaken dhumateng saindenging bawana.

Tahun menika, kita sedaya mengeti kamardikan Indonesia ingkang kaping 79. Nagari kita sampun mardika saking penjajah. Namung, perjuangan dereng rampung. Tasih kathah ingkang saged kita wujudaken supados Indonesia dados nagari ingkang langkung makmur, langkung rahayu, widada nir ing sambekala.

Tirakat ingkang kita lampahi ing dalu menika minangka langkah warga desa/RW/RT kangge muhasabah dhumateng jasa para pahlawan, ugi introspeksi dhumateng menapa-menapa mawon ingkang sampun kita tindakaken kangge ngisi kamardikan.

Ingkang dados pangajab, mugi kita sedanten langkung semangat lan gadhah tekad dados individu ingkang mardika, supados mujudaken Indonesia ingkang langkung mardika.

Wasana, mbok bilih atur kula tasih kathah kekirangan, kula namung saged nyuwun agunging pangaksami.

Panutuping atur, billahi taufik walhidayah

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuhu

MERDEKA! MERDEKA! MERDEKA!

Demikian tiga contoh sambutan malam tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa yang dapat menjadi referensi.

Editor: Safrezi

Cek juga data ini

Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...