3 Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Berbagai Tema Menarik

Tifani
Oleh Tifani
4 Juni 2025, 15:35
Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa
Freepik
Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa
Button AI SummarizeMembuat ringkasan dengan AI

Umat muslim akan merayakan Hari Raya Idul Adha 1446 H pada Jumat, 6 Juni 2025. Pada hari tersebut, umat Islam akan melaksanakan sholat ied dan mendengarkan khutbah dari khatib.

Penyampaian khutbah Idul Adha menjadi kesempatan untuk mengingat kembali kisah pengorbanan Nabi Ibrahim AS serta memperkuat keimanan dan ketakwaan kepada Allah SWT. Khotip atau penceramah khutbah Idu Adha 2025 dapat menyampaikan makna perayaan Idu Adha dalam kehidupan sehari-hari.

Sebagai referensi, berikut beberapa contoh Khutbah Idul Adha bahasa Jawa dalam berbagai tema menarik.

Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa

Pantun Idul Adha 2025
Pantun Idul Adha 2025 (Freepik)

 

Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Meneladani Nabi Ibrahim dan Nabi Ismail

Khutbah I:

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ الْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَ أنْصَارِهِ وَ جُنُودِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ اَمَّا بَعْدُ: فَيَا مَعَاشِرَ المُسلمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، قال الله تعالى فى القُرانِ العَظيم بسم الله الرحمن الرحيم رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Jama’ah Idul Adha Rahimakumullah, Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo lan ajrih dumateng Gusti Allah, amergi saking takwo saget pikantuk ridone Gusti Allah lan nggayuh kabegjan dunyo akherat. Pramilo, takwo niku dados punjere tiyang mukmin. Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten Kiamat. Ugi, saking Kanjeng Nabi Muhammad kito sedoyo saget mangertosi carane ngelampahi amal ibadah lan kesaenan, sehinggo kito sedoyo saget selamet dunyo akherat. Dinten sakmeniko, dinten riyadin kurban ingkang dipundut saking tindak lampahe Nabi Ibrahim naliko diuji kaliyan Gusti Allah.

Gusti Allah dawuh:

وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ
Artosipun: Lan nalikane Gusti Allah nyubo (nguji) Nabi Ibrahim kelawan pirang-pirang kalimat (perintah lan larangan), mongko Nabi Ibrahim nindakaken kanti sempurno. Gusti Allah dawuh, saktemene ingsun bakal ndadekno siro dadi pemimpin menungso. Nabi Ibrahim matur, lan saking tedak turun kulo. Gusti Allah dawuh: janji ingsun ora bakal mekenani (ngenani) wong-wong dzolim. (Al-Baqarah, 124) Ayat meniko dipun pertelaaken ing tafsir Ibn Katsir lan tafsir Jalalain bilih maknane “kalimatin” meniko “aturane agomo” ingkang ngeliputi babakan perintah lan larangan. Tegese Nabi Ibrahim diuji Gusti Allah supados ninda’aken sedoyo perintah lan nebihi laranganipun. Salah setunggale perintah ingkang kedah dipun laksanaaken nggih meniko mbeleh Nabi Ismail, putrane piyambak.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Hadirin Ingkang Minulyo Perintah mbeleh putrane piyambak niki dados ujian sabar kagem Nabi Ibrahim. Padahal Nabi Ibrahim dangu ngajeng-ngajeng sanget nggadah putro ingkang ngewarisi perjuangane.

Nabi Ibrahim ngantos ndungo:

رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun panjenengan paringi kulo kalebet saking golongane tiyang shalih. Mongko ingsun (Allah) paring bebungah ing Nabi Ibrahim kelawan nggadah putro ingkang jembar dodone (sabar).

Wonten tafsir Baghowi “hab liy minas sholihin” dipun tafsiri:

يَعْنِي هَبْ لِي وَلَدًا صَالِحًا مِنَ الصَّالِحِينَ
Artosipun: kulo nyuwun panjenengan paringi putro ingkang shalih saking golongane tiyang-tiyang shalih.

Perintah mbeleh niki kaprahe abot sanget dipun laksana’aken kagem sinten kimawon, nopo maleh ingkang puluhan tahun mboten nggadah putro, ananging Nabi Ibrahim mboten kados ngoten. Nabi Ibrahim dados kekasihe Gusti Allah ingkang nggadah kesabaran lan keyakinan mantep marang perintahe Gusti Allah.​​​​​​​

Sinaoso mekaten, Nabi Ibrahim mbika’ komunikasi lan mirengaken pendapat putrane babakan impen mbeleh kasebat, ingkang naliko niku Nabi Ismail kinten-kinten yuswo pitu utawi telulas tahun.

Peristiwa meniko dipun sebataken wonten surat Asshaaffat, 102:

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَىٰ​​​​​​​
Artosipun: Semangsane (Nabi Ismail) wis tekan umur iso mlaku bareng Nabi Ibrahim (abahe), Nabi Ibrahim dawuh, Hei anak cilik ingsun, saktemene ingsun ningali ingdalem impen, saktemene ingsun mbeleh siro.

Mongko pikiren koyok opo pendapat siro. Lajeng Nabi Ismail matur:

قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ​​​​​​​
Artosipun: Duh Bopo-ku, panjenengan tinda’aken nopo ingkang dipun perintahaken dumateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar. Kekalihipun pasrah, nampi perintahipun Gusti Allah lan nyerahaken perkawis ingkang diadepi dumateng Gusti Allah. Saking peristiwa niki, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail paring tulodo kagem kito sedoyo nalikane ngadepi ujian supados nggadah sifat sabar, ugi ngewangsulaken sedoyo perkawis dumateng Gusti Allah.​​​​​​​

Mongko naliko kekalihipun pasrah, Nabi Ibrahim ngelumahaken Nabi Ismail ing pilingan, lan nyelehaken lading marang gulunipun, dumadakan Gusti Allah paring dawuh:

قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ، وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ​​​​​​​
Artosipun: Saktemene siro wis mbeneraken ngimpi iku, saktemene ingkang koyok mengkunu Ingsun (Allah) paring walesan marang wong-wong kang ngelakoni kebagusan. Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. Lan Ingsun (Allah) tebus kelawan sembelihan kang agung. (Assaffaat, 105-107)​​​​​​​ Saklajenge dipun dugiaken mendho saking suwargo, supados dipun beleh.

Mongko Nabi Ibrahim mbeleh mendho saking suwargo, minongko dados tebusane Nabi Ismail.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Jamaah Idul Adha Ingkang dirahmati Allah Monggo kito mundut tupo tulodo saking Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail. Kados pundi kekalihipun pasrah dumateng perintahipun Gusti Allah lan abote ujian nalikane diperintah ngurbanaken perkawis ingkang dipun demeni. Salah setunggale tulodo saking Nabi Ibrahim nggih meniko tiyang sepah ingkang mboten goroh dumateng putra wayahipun lan paring kesempatan putrane damel mikir keputusane.

Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Nyembelih Roso Kepemilikan

Khutbah I:

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

الحَمدُ لِلَّهِ مَلِكِ الْمَعْبُودِ الَّذِي يَمْقُتُ كُلَّ مُتَكَبِّرٍ وَحَسُودٍ ، لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى مَلِكٌ جَبَّارٌ قَهَّارٌ اَسْتَغْفِرُهُ وَاشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ ذُو العَظَمَةِ وَالْكِبْرِيَاءِ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا رَسُولُ اللهِ تَبَرَّأَ مِنْ صَاحِبِ الْحَسَدِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الأئِمَّةِ الْأطْهَارِ

اَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ ، وَاحْذَرُوا الْكِبْرَ هُوَ الَّذِي يُؤَدِّي إِلَى غَضَبِ العَزِيزِ الْجَبَّارِ قَالَ الله تعالى : أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ فَلَا تُزَكُّوْا أَنْفُسَكُمُ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنِ اتَّقَى ( الاية ) - صَدَقَ اللهُ الْعَظِيمُ

Hadirin Jamaah Idul Adha Rahimakumullah

Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo dumateng Gusti Allah, takwo ingkang dipun buktiaken kaliyan ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun kanti ikhlase penggalih serto ngajeng-ngajeng rohmat soho ridhonipun Gusti Allah Swt.

Shalawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi ingkang sampun paring tupo tulodo kesaenan lan nuduhaken kito marang dalan ingkang padang lan dipun trisnani Gusti Allah. Gusti Allah sampun dawuh:

قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ

Artosipun: Ngucapo siro (Muhammad marang kaum), lamun siro kabeh trisno marang Allah, lajeng ngenut siro kabeh marang ingsun, mongko Allah trisno marang siro kabeh lan ngapuro duso siro kabeh, Gusti Allah iku dzat akeh ngapuro lan welas asihe (Ali Imran: 31)

Ayat meniko negesaken bilih sinten kimawon ingkang ngaku trisno marang Gusti Allah, mongko kedah trisno marang Kanjeng Nabi Muhammad rumiyen. Amergi saking Kanjeng Nabi Muhammad meniko kito saget sumerap syariat agomo lan akhlak muliyo.

Jamaah Idul Adha Ingkang Sami Minulyo

Salah setunggale tindak lampah lan akhlak mulyo ingkang dipun ajaraken marang kito nggih meniko nyembeleh hewan kurban. Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:

مَا عَمِلَ أَدَمِيٌ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبَّ إِلىَ اللّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ إِنَّهَا لَتَأتِي يَوْمَ اْلقِيَامَةِ بِقُرُونِهَا وَأَشْعَارِهَا وَأَظْلَافِهَا وَأنَّ الدّمَ لَيَقَعُ مِنَ اللَّهِ بِمَكَانٍ قَبْلَ أَنْ يَقَعَ مِنَ اْلأَرْضِ فَطِيْبُوا بِهَا نَفْسًا

Artosipun: Ora ono ngamale anak putune Nabi Adam, ingdalem dino riyoyo kurban kang didemeni Gusti Allah ketimbang miliaken getih, yakni mbeleh hewan kurban. Saktemene, sesok ing dino Kiyamat, hewan-hewan kurban iku teko lengkap kanti sungune, wulune lan kuku-kukune. Saktemene, ganjarane kurban iku wis tumeko marang Allah sak durunge getihe hewan kurban iku netes tanah. Pramilo, podo mbagusono ati siro kabeh kanggo ngelakoni kurban. (HR. Imam Turmudzi, Ibn Majah).

Hadis niki dados tetenger amal kesaenan arupi nyembelih kurban niku kalebet ibadah taqarrub ilalLah, lan ganjarane mbenjeng ing dinten kiamat bakal ditekani kaliyan hewan kurban kanti sempurno kedadiane. Bahkan getihe hewan kurban niki sakderenge dawah ing tanah, dusone tiyang kolowau sampun dipun ngapuro.

Jamaah Idul Adha Rahimakumullah

Nyembelih kurban niku sejatosipun nyembelih roso kepemilikan lan dados pengimut marang kito bilih sedoyo ing alam dunyo nggadahe Gusti Allah, bakal bali marang Gusti Allah. Kito kedah belajar ngikhlasaken barang ingkang kito miliki nalikane diutus maringaken marang liyan utawa dipun utus nyembeleh hewan. Tegese kito kedah ngalap tulodo saking keikhlasanipun Nabi Ibrahim nalikane diutus nyembeleh putrane piyambak, lajeng nalikone lading sampun dipun unus, dumada'an dipun gantos mendo.

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَىٰ

Artosipun: Semangsane wis tumeko (umur) iso mlaku bareng Ibrahim, Nabi Ibrahim dawuh, Hei anak ingsun, saktemene ingsun ningali ingdalem ngimpi, saktemene ingsun nyembeleh siro. Mongko pikiren koyok opo penemu siro.

Nabi Ismail matur:

قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

Artosipun: Duh Romoku, panjenengan tinda'aken nopo ingkang dipun perintahaken dumateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar.

Pitakone Nabi Ibrahim marang Nabi Ismail meniko dados pepiling pentinge komunikasi antarane bopo lan anak. Langkung-langkung babakan manut marang perintahe agomo. Kekalihipun nggadah roso saling memiliki, trisno, ananging nalikane dipun utus Gusti Allah nyembeleh, sedoyone ikhlas, pasrah marang titahe Gusti Allah. Mboten ngersulo babar pisan.

Pramilo, sejatine Idul Adha niku riyayane tiyang ingkang nyembeleh roso kepemilikan lajeng dipun gantos keikhlasan marang Gusti Allah, sedekah, taqarrub ilalLah, tanpo wonten kekarep lintune. Mugi-mugi kito sedoyo saget neladani kisah Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail ingdalem keikhlasane manut marang perintah agomo, sehinggo saget ngelepas roso kepemilikan.

جَعَلَنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمُ مِنَ الْفَائِزِينَ الأَمِنِيْنَ وَادْخَلْنَا وَإِيَّاكُمُ فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِينَ . أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ وَلَا تُفْسِدُوا فِي الأَرْضِ بَعْدَ إصْلَاحِهَا . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَانْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ

Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Tentang Hikmah Syariat Kurban

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَمَاتَ وَ أَحْيَى. اَلْحَمْدُ للهِ الًّذِيْ أَمَرَنَا بِالتَّقْوَى وَ نَهَانَا عَنِ اتِّبَاعِ الْهَوَى. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ جَعَلَ لَنَا عِيْدَ الْفِطْرِ وَ اْلأَضْحَى. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ نِعْمَ الْوَكِيل وَنِعْمَ الْمَوْلَى، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَ مَنْ يُنْكِرْهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلاَلاً بَعِيدًا. وَ صَلَّ اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا وَ حَبِيْبِنَا الْمُصْطَفَى، مُحَمَّدٍ نَبِيِّ الْهُدى، الَّذِيْ لاَ يَنْطِقُ عَنْ الْهَوى، إِنْ هُوَ إِلاَّ وَحْيٌ يُوْحى، وَ عَلَى اَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدقِ وَ الْوَفَا. اَللَّهُمَّ اجْعَلْنَا مِمَنْ اِتَّبَعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْجَزَا

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالى فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلًا وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ. وقَالَ أَيْضاً إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ. فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ. إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ

Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah Minongko purwaning atur monggo kito ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpo kawical-wical, langkung-langkung rahmat kawilujengan lan yuswo panjang dateng kito sedoyo, sahinggo enjang puniko kito tasih saget menangi malih dinten riyoyo Idul Adha, lan saget makempal ing masjid puniko kanti kawontenan sehat wal afiat.

Inggih namung Allah Pengeran kito ingkang maringi nikmat lan kanugrahan. Milo inggih namung dateng panjenenganipun Allah ta'ala kito manembah lan ngumawulo, jumbuh kaliyan dawuhipun:

وَاِنَّ اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ

Artosipun: Sejatine Allah iku Pengeranku lan Pengeranmu, mulo podo nyembaho siro kabeh ing Allah, ya iki dedalan kang jejek. (QS Maryam: 36)

Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah

Sumonggo kito sesarengan tansah nambahi takwa lan taat kito dateng Allah kanti mbudi doyo murih saget nindakaken sedoyo dawuh lan perintahipun, soho nilar lan nebihi sedoyo cegah lan awisanipun. Sikap mental ingkang mekaten kedah manjing dados kepribadian tumrap tiang Mukmin.
Kanjeng Nabi sallallahu 'alaihi wa sallam paring dawuh ingkang artosipun kirang langkung mekaten:

Artosipun: Wedio siro ing Gusti Allah, ing endi nggon ono siro, tut burenono kaelekan iku kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan, lan gaweo budi pekerti siro kelawan budi pakerti kang becik. (HR Turmudzi)

Mekaten ugi estunipun takwa minongko Solusi kangge nggayuh pitulung saking ngarsa dalem Allah. Kados dawuhipun Allah:

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا

Artosipun: ...Lan sopo wae kang takwa marang Allah, mongko Allah bakal ndadekake perkoro kang angel songko wong kuwi dadi gampang. (QS At-Thalaq: 4)

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah

Dinten puniko dinten ingkang agung, ngantos Allah ngaramaken siyam tumrap kito ing dinten meniko ngantos telasipun dinten Tasyriq. Dinten puniko kawastanan dinten Riyoyo Adha utawi Riyoyo Kurban, jalaran Allah merintahaken dateng kito supados nyembelih hewan kurban tumrap kito ingkang pinaringan kajembaran.

Ibadah kurban dipun syariataken minongko sarono taqorrub, nyaketaken dateng Allah, minongko bukti ketaatan dateng Allah, kanti nglilakaken sakperangan hak milik kito, bondo kito ingkang arupi kewan ternak mendo utawi lembu kasembelih minangko kurban.

Kito kedah yakin bilih ingkang bade katur dateng ngarsanipun Allah sanes daging menopo dene rahipun kewan kurban, ananging ketaatan, keikhlasan, ketakwaan, dateng Allah ingkang bade kunjuk datengipun ngarsanipun Allah. Kados dawuh Al-Qur'an:

لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ

Artosipun: ....Ora pisan-pisan bakal tumeko ing ngarsane Allah daging-daginge unta lan getihe, ananging takwaniro kang bakal nggayuh karidhane Allah. (QS Al-Hajj: 37)

Babar pindah daging lan rahipun kurban mboten bade kunjuk dateng ngarsanipun Allah, ananging amalan takwanipun ingkang bade dumugi wonten ngayunan dalem Allah. Dene dagingipin kurban manfaatipun wangsul dateng sesami minongko amal sosial.

Sahinggo gamblang bilih syariat kurban punikoanggadahi manfaat ganda, hablunminallahminongkokumawulokito, nuhonidawuhipun Allah. Denehablumminannasminongko amal sosial ingkangtumandukdatengsesami.

Saking arah sanes, kurban estunipun ngengetaken manuso supados giat mbangun ekonomi ingkang sahe saho ndidik semangat pribadi lan jiwo sosial lan tanggap dateng urusan kemasyarakatan. Sedoyonipun tentu katindaken kerono Allah lan namung murih dateng karidhanipun Allah.

Saking segi sanesipun berkurban puniko kinaryo sarono mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, soho sarono nyaketaken antawis tiyang ingkang sugih, lebih, luwih, lan ingkang miskin sarwo kekirangan, sahinggo mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun. Menawi estu-estu saget nggadahi fungsi mekaten kurban meniko, tentu gesangipun manungso tansah tenang lan ayem tentrem.

Tiang-tiang miskin mboten nate rumaos kesio-sio lan ino, malah rumaos dipun tresnani lan dipun welasi, sahinggo mboten cemas ngadepi pagesangan puniko. Mekaten ugi ingkang sugih, mboten nate kuatos dipun drengkeni lan dipun mengsahi dening tiyang miskin. Sahinggo ugi mboten nate wonten raos nindes lan nganingoyo dateng fakir miskin, malah trisno lan welas asih ingkang tansah tuwuh ing manahipun.

Mekaten ugi sesambetan antawis pemerintah lan ingkang dipun perintah, antawis pendatang lan penduduk asli pribumi, sedoyo tansah gesang berdampingan kanti sae mboten nate tuwuh kecemburuan, raos iri lan drengki. Kados ingkang kagambaraken dening Allah ing dawuhipun:

لِلْفُقَرَاۤءِ الْمُهٰجِرِيْنَ الَّذِيْنَ اُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَاَمْوَالِهِمْ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانًا وَّيَنْصُرُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصّٰدِقُوْنَۚ

Artosipun: Tumrape wong-wong fekir kang podo hijrah kang diusir songko desane lan bandane, lan kerono murih kanugerahan lan karidhan songko Allah, lan wong-wong kuwi tansah mitulungi agamane Allah lan utusane. Ya wong-wong kang koyo mengkono kuwi kang pada bener. (QS Al-Hasyr: 8)

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah

Mekaten antawisipun hikmah anggenipun dipun syariataken ibadah kurban, minongko ibadah raos kumawulo dateng ngarsanipun Allah, lan ugi minongko amal berdimensi sosial ingkang sanget dipun raosaken manfaatipun dining sesamining manungso. Menawi syariat puniko saget kaleksanaken kanti sae, tentu sedoyo umat Islam bade ngraosaken lan nekseni kaagunganipun syariat agami puniko.

Bilih syariat agami kito puniko tansah mbekto dateng keseimbangan antawis perkawis kalih hablum minallah lan hablum minannas, antawis duniawi lan ukhrawi, mekaten ugi sanget ngormati dateng akal, njagi katenangan jiwa lan jasmani, sahinggo bade sampurno kebahagiaanipun manungso.

Mugi-mugi Allah maringaken hikmah saking ibadah kurban puniko. Sahinggo poro kawulanipun ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten Riyoyo Kurban puniko. Soyo gumbregah nindakaken taat ibadah dateng Allah taala, lan ugi ibadah sosial remen tetulung lan welas asih dateng sesami, kangge nggayuh kabekjaning gesang donya lan akhirat.

اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah

Kito nindakaken ibadah kurban kerono nderek tindakipun bapa kito Nabi Ibrahim, Allah dawuh:

اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۗ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ

Artosipun: .....ndereko sira marang agamane Ibrahim kang lurus, lan Ibrahim iku dudu golongane wong kang pada anyekuthoake. (QS An-Nahl: 123)

Nabi Ibrahim as nampi ujian ingkang sanget amrat wusananipun Allah ngangkat derajatipun Nabi Ibrahim jalaran milo lulus ujian. Tumrap kito nampi pacoban saking Allah menawi saget nampi kanti sabar lan ridha, sahinggo imanipun soyo tambah, soyo mempeng nindakaken ngibadah.

Insyaallah kito bade kaparingan derajat ingkang langkung luhur menggahipun Allah. Kawontenan kito bade langkung sae manah langkung Tentrem. Insyaallah kito bade manggih karaharjan lan kemakmuran. Allah sampun paring pangandiko:

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ

Artosipun: Sing sopo wonge amal soleh nindakake kebecikan, lanang utowo wadon, ing mongko wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang makmur. (QS An-Nahl: 97)

Wusono mugi-mugi kito tansah kaparingan kawilujengan, katentreman, lan kebahagiaan soho karidlan saking ngarso dalem Allah SWT. Amin.

Demikian tiga contoh Khutbah Idul Adha bhasa Jawa dengan berbagai tema menarik yang dapat menjadi referensi.

Baca artikel ini lewat aplikasi mobile.

Dapatkan pengalaman membaca lebih nyaman dan nikmati fitur menarik lainnya lewat aplikasi mobile Katadata.

mobile apps preview
Editor: Safrezi

Cek juga data ini

Artikel Terkait

Video Pilihan