3 Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Akhlak Singkat yang Mudah Dihapal

Dok. Balai Pelestarian Nilai Budaya Daerah Istimewa Yogyakarta
Ilustrasi, peserta lomba pidato bahasa Jawa.
Editor: Agung
6/6/2024, 14.45 WIB

Contoh pidato bahasa Jawa tentang akhlak ini patut disimak, terutama bagi yang ingin menghafalkannya.

Di Indonesia, terutama di beberapa wilayah, masih banyak orang yang menyampaikan pidato dengan menggunakan bahasa daerah, seperti bahasa Jawa. Hal ini bertujuan agar  isi pidato yang disampaikan mudah dipahami oleh pendengar suatu daerah tertentu.

Sama seperti pidato bahasa Indonesia, topik yang diangkat dalam pidato bahasa jawa pun bisa beragam. Salah satunya yaitu tentang akhlak.

Bila ditunjuk menyampaikan pidato tentang topik ini, berikut ini beberapa contoh pidato bahasa Jawa yang bisa dihafalkan.

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Akhlak

Berikut ini tiga contoh pidato bahasa Jawa singkat tentang akhlak dari berbagai sumber yang bisa dihafalkan.

Pidato Bahasa Jawa tentang Akhlak (Freepik)

Contoh Pidato 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Sugeng enjing ugi salam karaharjan kagem kita sedaya

Ingkang kula khurmati Bapak/Ibu Guru, ingkang kula tresnani kanca-kanca kula sedaya, sarta para rawuh ingkang kula mulyakaen.

Sumangga kita sesarengan tansah ngonjukaken raos sokur dhuwateng Allah SWT ingkang sampun paring rohmat saha hidayahipun. Saengga kita saged kempal ing ngriki kanthi jangkep tanpa boten kekirangan setunggal punapa.

Shalawat ugi salam mugi-mugi tansah dhateng junjungan kita sedaya Nabi Muhammad SAW sarta kluwarginipun ugi  para sahabatipun ingkang sapangatipun tansah kita rantos mangke ing dinten yaumil akhir.

Dhateng kalodhangan punika, kula nyuwun palilah dhumateng panjenengan sedaya, kula badhe matur sekedhik ngenani akhlak ingkang sae.

Bapak/Ibu guru, para mitraku, sarta para rawuh sedaya prelu kita kawungingani menawi akhlak ingkang sae punika wigatos sanget dipun-tindakaken dhateng bebrayan agung.

Alesanipun amargi kanthi kagungan akhlak ingkang sae, kita boten namung sampun nindakaken prentahipun agami, nanging kita ugi sampun nindakaken wajibing manungsa minangka makhluk sosial.

Akhlak ingkang sae menika tuladhanipun kathah sanget. Dhateng alam bebrayan punika asring dumados kahanan ingkang kirang mranani dhateng penggalih amargi kathah tiyang ingkang tumindak sembranan boten manut kaliyan aturan.

Sasanese niku, taksih kathah ingkang kagungan raos srei, meri, drengki, klawan kasuksesanipun liyan.

Raos srei, meri, drengki punika kalebet salah satunggaling penyakit batin ingkang tuwuh mergi akhlak ingkang awon.

Supados penyakin batin punika boten sumrambah lan rumasuk salebeting jiwa. Kita kedah nyingkiri. Salah satunggiling cara inggih menika kanthi ngraos menawi gesang dhateng alam donya punika sawates sawang-sinawang.

Kanthi ngecakaken sarta tansah kemutan menawi gesang dhateng alam padhang punika sawang-sinawang. Kita bakale tebih saking penyakit batos, kang ingkang tembene bakal ndadosaken akhlak kita bakale sae.

Salajenge akhlak ingkang sae punika bakal ndadosaken kita saged ngraosaken katentreman sarta endahing gesang.

Para rawuh, kula kinten cekap semanten rumiyin anggen kula matur. Menawi wonten kirang utawi lepat anggen kula matur.

Kula saestu nyuwun agunging pangaksami. Santen toyaning klapa. Cekap semanten lan nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Contoh Pidato 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Sanak-sanak sing aku hormati,

Ing kaping pindho iki, kula pengin ngomong bab akhlak, utawa perilaku sing apik lan cocog karo etika. Akhlak iku salah siji aspek penting ing urip kita saben dina, amarga akhlak sing apik bisa nulungi kita supaya bisa luwih apik ing hubungan sosial lan nglebokake masyarakat sing luwih apik.

Akhlak sing apik ana sawetara, kaya jujur, sopan santun, sabar, disiplin, lan njaga kehormatan wong liyane. Kita kabeh kudu mbenahi lan mbangun akhlak sing apik ing diri kita, lan mbenerake lan nguliti akhlak sing apik ing wong liyane.

Ing nggonku urip, kita bakal ngalami sawetara situasi sing rung pantes karo kita, lan akhlak sing apik bisa nulungi kita supaya bisa ngatasi situasi sing kayak iku karo bijaksana. Akhlak sing apik ojo golek ojo eling ojo dumeh bisa nulungi kita nglebokake hubungan sing apik karo wong liyane, ana ing lingkungan keluarga, teman, lan ing lingkungan kerja.

Merga iku, ayo kita kabeh usaha kanggo mbenahi lan mbangun akhlak sing apik ing diri kita lan ojo lali mbenahi lan mbenerake akhlak sing apik ing wong liyane. Ayo kita kabeh nyuwun ngapuro lan menehi teladan sing apik kanggo wong liyane.

Ing nggonku urip, urip iku kudu akeh ngendikan akhlak sing apik, amarga sing ngendika akhlak sing apik iku bisa ngasilake urip sing apik lan masyarakat sing apik. Matur nuwun.

Sekian pidato bab akhlak saka kula. Semoga kabeh kita bisa terus mbenahi akhlak sing apik ing diri kita lan mbangun masyarakat sing luwih apik. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Contoh Pidato 3

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Pinawengi

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu 

Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMA Jaya,

Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dhumateng Alloh SWT, saengga wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing papan menika tanpa alangan.

Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.

Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula, Amalia, ing wekdal menika ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya jawi wiwit ngalaksanakaken unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip bakal ayem, tentrem, saha bagya.

Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, unggah ungguh ing wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinaken.

Mila, kita kedah sami-sami sinau babagan unggah ungguh tumrap tiyang sepuh, sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru.

Cekap semanten atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Itulah tiga contoh pidato bahasa Jawa tentang akhlak singkat yang bisa dihafalkan.