5 Contoh Sambutan 17 Agustus Bahasa Jawa untuk Ketua Panitia

Unsplash
Contoh Sambutan 17 Agustus Bahasa Jawa
Penulis: Ghina Aulia
Editor: Safrezi
13/8/2024, 13.29 WIB

Sambutan biasa disampaikan untuk membuka atau memulai suatu acara. Tak terkecuali momen 17 Agustus yang biasa diwarnai dengan kegiatan bertema kemerdekaan.

Biasa disebut dengan istilah 17-an, acara diselenggarakan oleh panitia setempat. Masing-masing dipimpin oleh Ketua Panitia atau Ketua Pelaksana yang bertugas memandu anggota, panitia lain agar kegiatan dapat terlaksana sebagaimana yang direncanakan.

Terkait dengan itu, kami ingin memberikan contoh sambutan 17 Agustus bahasa Jawa yang bisa dijadikan acuan. Berikut lengkapnya.

Contoh Sambutan 17 Agustus Bahasa Jawa (1)

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak-bapak lan ibu-ibu warga … ingkang minulya saha para remaja desa ingkang kulo sayangi lan kulo harapke.

Ayo podho-podho ngaturaken puja lan puji syukur kehadirat gusti Allah SWT ingkang Maha Agung. Alhamdulillah, alhamdulillah, alhamdulillah.

Amargi rahmat ingkang diwenei Gusti Allah kita sedaya saged makempal teng mriki dalam keadaan ingkang sehat sedoyo. Kagem ngelakoni kebiasaan kita sedaya yaiku tirakatan nyambut dirgahayu kemerdekaan republik Indonesia.

Sakniki, malam niki ijinaken kula nyampeaken pidato babagan hal-hal nyangkup kemerdekaan kita sedaya.
Seng kudu dieleng-eleng kamardhikaan utawi kemerdekaan niku ialah hasil ingkang diparingi Gusti Allah lan diperjuangke para pejuang.

Kita teng mriki mboten pernah ngalami penjajahan lan angkat senjata nanging kudu hormati kabeh jasa pahlawan.

Kamardhikan ingkang kita peroleh niki hasil saking jerih payah pejuang ingkang kudu kita hargai.

Bapak-ibu lan sedoyo remaja ingkang minulya, sareng-sareng ayo podho ndongakke jasa pahlawan lan negeri niki tumuju luweh apik. Uga, mugi-mugi negara kita ini saged dados negara ingkang luweh ngerhargai jasa pahlawan ingkang sampun tilar.

Mugi-mugi kita saged manfaataken kemerdekaan ingkang sampun dipun wenehi teng bangsa niki sak apik-apikipun.

Mugi kalian saged mbangun babagan bangsa tumuju kemajuan,cekap semanten ingkang saget kula aturaken. Wonten kesalahanipun kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Sambutan 17 Agustus Bahasa Jawa (2)

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Para pepundhen ingkang satuhu kinabekten,
para pinisepuh miwah sesepuh ingkang dhahat kinurmatan,
Lurah [nama wilayah] Bapak/Ibu .... ingkang kula hormati,
Dukuh [nama wilayah] Bapak/Ibu ...

Bapak-bapak, ibu-ibu warga [nama wilayah] ingkang minulya, saha sedherek kadang kaneman ingkang sutresna.

Alhamdulillah, Alhamdulillahirobbil 'alamin, wash-sholatu wassalamu ala Rasulillah wala haula walla quwwata illa billah amma ba'du.

Sumongo kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah Swt. ingkang Mahawelas lan Mahaasih, ingkang tansah paring mapinten-pinten rahmat lan hidayahipun, saenggo kita sedaya saged makempal ingin papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus ing [nama wilayah] menika.

Shalawat saha salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita sedaya, Nabu Muhammad saw. ingkang kita tengga syafaatipun wonten ing yaumul akhir samangke. Aamin.

Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang minulya, keparenga kula minangka perwakilan panitia pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 77 wonten ing taun 2022 menika, ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga [nama wilayah] ingkang sampun kersa paring pambiyantu dhumateng panitia, saengga reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 79 tahun menika saged lancar saking purwakaning kegiatan dumugi pungkasan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, panitia ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, soho adik-adik ingkang sampun kersa nderek sarta ngregengaken lomba 17 Agustus wonten ing [nama wilayah] menika. Mugi-mugi lomba-lomba menika, saged ndadosaken warga [nama wilayah] langkung kompak saha langkung guyub.

Bapak-bapak saha ibu-ibu, ingkang pungkasan, kula minangka wakil panitia ugi nyuwun agunging pangapunten mbok menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 77 menika, panitia kathah klenta-klentunipun ingkang mboten nujuprono ing penggalih.

Saking kula cekap semanten, wabillahi taufiq wal hidayah, wassalamualaikum wr. wb.

Contoh Sambutan 17 Agustus Bahasa Jawa (3)

Assalamualaikum Wr. Wb.

Matur nuwun dhumateng adhik pranatacara awit paringipun wekdal dhateng kula. Kula nuwun, sagung para alim ulama ingkang dhat kinurmatan, saha sadaya warga ageng ... ingkang minulya ing budi. Kaparenga kula mapras kamardhikan sagung para tamu ingkang saweg satata lenggah eca imbal wacana, nun inggih keparenga kula ngadeg ing ngriki minangka panitia pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping ...

Langkung rumiyin kula muji syukur dhumateng Allah saha ndherek ndedonga mugi negari kula dalah panjenengan pinaringan dirga yuswa tansah pinaringan sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Selajengipun, kula ngaturaken maewu-ewu agunging panuwun awit sedaya warga ... ngriki sampung kersa rawuh ing kalodhangan menika saha kersa paring pambiyantu wujud menapa kemawon ingkang boten saged kula piji mbaka setunggal, saengga adicara pengetan dinten kamardhikan 17 Agustus menika saged lumampah kanthi rancag.

Lan mbokbilih ing dalu menika panitia boten saged caos palenggahan saha pamboja krama ingkang trep kaliyan penggalih Panjenengan sadaya, saestu panitia namung tadhah lumah tetesing aksama.

Sagung para pilenggah ingkang mahambeg berbudi utami, sumangga kanthi pengetan ing dalu menika, sareng-sareng ngengingaken cipta saha ndedonga mugi-mugi negari Indonesia tansah pinaringan gemah ripah loh jinawi, murah ingkang sarwa tinumbas, tuwuh ingkang tinanem, jejeging peprentahan linambaran adil paramarta, boten sami cecengilan, gontok-gontokan rebatan panguwaos, saha enggal luwar saking krisis ingkang ngeres-eresi menika, Allahuma amin.

Wasana, sumangga kasekecakna lelenggahan ngantos paripumaning adicara. Kula piyambeg ingkang kajibah matur namung titah sawantah, ingkang boten sepi saking lepat, pramila menawi kathah sisip sembiring atur saha kirang trapsilaning patrap, kersa mbedhah korining samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Wekdal katur dhateng pranatacara. Nuwun.

Contoh Sambutan 17 Agustus Bahasa Jawa (4)

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Para pepundhen, Par sesepuh, tuwin para pinisepuh Bapak/Ibu Lurah/Dukuh ingkang dhahat kinurmatan, saha para warga padukuhan/RW/RT ingkang minulya, Langkung rumiyin, sumangga kita sedaya amemuji syukur dhumateng Allah Swt. ingkang maringi rahmat, ugi hidayah, saengga kula dalah panjenengan saget mlampah wonten ing papan menika, saperlu ngrawuhi tirakatan pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 78.

Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang kula tresnani, Kamardikan Indonesia ingkang dipun pengeti pendhak 17 Agustus boten miyos saking pitulungan bangsa utawi negari sanes. Kamardikan menika miyos saking usaha para pahlawan, leluhur kita piyambak.

Rikala Jumat tanggal 17 Agustus 1945, para founding father sampun kasil maosaken Teks Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia. Proklamasi dados puncak perjuangan soho pangurbanan para pahlawan supados uwal saking blenggunipun penjajah.

Mawi proklamasi wonten ing Jalan Pegangsaan Timur Nomor 56 menika, kamardikan Indonesia dipunkumandhangaken dhumateng saindenging bawana.

Tahun menika, kita sedaya mengeti kamardikan Indonesia ingkang kaping 78. Nagari kita sampun mardika saking penjajah. Namung, perjuangan dereng rampung. Tasih kathah ingkang saged kita wujudaken supados Indonesia dados nagari ingkang langkung makmur, langkung rahayu, widada nir ing sambekala.

Tirakat ingkang kita lampahi ing dalu menika minangka langkah warga desa/RW/RT kangge muhasabah dhumateng jasa para pahlawan, ugi introspeksi dhumateng menapa-menapa mawon ingkang sampun kita tindakaken kangge ngisi kamardikan.

Ingkang dados pangajab, mugi kita sedanten langkung semangat lan gadhah tekad dados individu ingkang mardika, supados mujudaken Indonesia ingkang langkung mardika.

Wasana, mbok bilih atur kula tasih kathah kekirangan, kula namung saged nyuwun agunging pangaksami. Panutuping atur, billahi taufik walhidayah

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Sambutan 17 Agustus Bahasa Jawa (5)

Asssalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak RT … RW …. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para remaja desa ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping pitung puluh wolu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.

Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Di atas merupakan sekumpulan contoh sambutan 17 Agustus Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi. Bisa digunakan Ketua Panitia atau Ketua RT/RW setempat yang berwenang untuk membuka acara.