Tidak lama lagi, masyarakat Indonesia akan memperingati HUT RI ke-81 pada 17 Agustus 2026 mendatang. Menjelang peringatan tersebut, masyarakat biasanya akan menggelar berbagai acara, mulai dari lomba, acara resmi lembaga, hingga tirakatan malam 17 Agustus.
Di lingkungan RT, biasanya ketua RT memberikan sambutan singkat di awal acara sebagai pembuka momen perayaan tahunan itu. Tidak hanya berfungsi sebagai pengantar acara, sambutan ini juga menjadi sarana untuk menyampaikan rasa syukur, memberikan apresiasi kepada seluruh warga yang terlibat, serta menumbuhkan semangat persatuan dan gotong royong.
Di beberapa daerah seperti Jawa Tengah, Yogyakarta, dan Jawa Timur, sambutan ini bahkan disampaikan dalam bahasa Jawa terutama krama inggil sebagai rasa hormat kepada para tamu undangan.
Berikut di bawah ini beberapa contoh sambutan ketua RT 17 Agustus singkat Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus Singkat Bahasa Jawa
Berikut ini lima contoh sambutan singkat dalam bahasa Jawa dari berbagai sumber yang bisa dijadikan referensi bagi ketua RT untuk berbagai acara peringatan HUT RI ke-81.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus (1)
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Alhamdulillah, puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dhumateng kita sedaya.
Awit saking punika, kita saged kempal wonten ing mriki kanthi sehat wal afiat kangge nindakaken Malem Tirakatan kangge mengeti Dinten Kamardikan Republik Indonesia.
Wonten ing kalodhangan menika, kula minangka ketua RT, ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, sedaya warga ingkang sampun kersa rawuh. Rawuhipun panjenengan sedaya dados bukti bilih kita taksih tresna lan peduli dhumateng bangsa lan negari.
Malem tirakatan menika sejatosipun boten namung kempal-kempal kemawon. Ananging, wonten ing malem menika kita dipun ajak supados ngenang jasa-jasanipun para pahlawan ingkang sampun rela berkorban jiwa raga kangge merebut kamardikan.
Kamardikan ingkang kita raosaken sakmenika, boten saged uwal saking perjuangan lan pengorbananipun para pahlawan.
Mugi-mugi, kanthi malem tirakatan menika, kita sedaya saged nuladhani semangat perjuanganipun para pahlawan. Kita kedah tetep njagi persatuan lan kesatuan, rukun, lan gotong royong ing lingkungan kita piyambak-piyambak.
Tanggale 17 Agustus 1945 dados tonggak sejarah ingkang ageng tumrap bangsa Indonesia. Kamardikan ingkang sampun kita raosaken menika, kedah kita isi kanthi bab-bab ingkang positif lan migunani. Kados ngisi pembangunan, njagi kerukunan, lan ngajeni perbedaan ingkang wonten ing masyarakat.
Monggo, kanthi semangat 17 Agustus, kita wujudaken lingkungan RT ingkang maju, sejahtera, aman, lan tentrem. Mugi-mugi, Indonesia tansah pinaringan berkah lan kemajuan.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus (2)
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Para pepundhen, Para sesepuh, tuwin para pinisepuh Bapak/Ibu Lurah/Dukuh ingkang dhahat kinurmatan, saha para warga padukuhan/RW/RT ingkang minulya, Langkung rumiyin, sumangga kita sedaya amemuji syukur dhumateng Allah Swt. ingkang maringi rahmat, ugi hidayah, saengga kula dalah panjenengan saget mlampah wonten ing papan menika, saperlu ngrawuhi tirakatan pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 81.
Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang kula tresnani, Kamardikan Indonesia ingkang dipun pengeti pendhak 17 Agustus boten miyos saking pitulungan bangsa utawi negari sanes.
Kamardikan menika miyos saking usaha para pahlawan, leluhur kita piyambak. Rikala Jumat tanggal 17 Agustus 1945, para founding father sampun kasil maosaken Teks Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia.
Proklamasi dados puncak perjuangan soho pangurbanan para pahlawan supados uwal saking blenggunipun penjajah. Mawi proklamasi wonten ing Jalan Pegangsaan Timur Nomor 56 menika, kamardikan Indonesia dipunkumandhangaken dhumateng saindenging bawana.
Tahun menika, kita sedaya mengeti kamardikan Indonesia ingkang kaping 81. Nagari kita sampun mardika saking penjajah. Namung, perjuangan dereng rampung.
Tasih kathah ingkang saged kita wujudaken supados Indonesia dados nagari ingkang langkung makmur, langkung rahayu, widada nir ing sambekala.
Tirakat ingkang kita lampahi ing dalu menika minangka langkah warga desa/RW/RT kangge muhasabah dhumateng jasa para pahlawan, ugi introspeksi dhumateng menapa-menapa mawon ingkang sampun kita tindakaken kangge ngisi kamardikan.
Ingkang dados pangajab, mugi kita sedanten langkung semangat lan gadhah tekad dados individu ingkang mardika, supados mujudaken Indonesia ingkang langkung mardika.
Wasana, mbok bilih atur kula tasih kathah kekirangan, kula namung saged nyuwun agunging pangaksami. Panutuping atur, billahi taufik walhidayah
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus (3)
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sugeng enjang/sonten/dalu bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedoyo warga RT 0X sing kulo tresnani. Alhamdulillah, kita sedoyo saged kumpul bebarengan wonten ing acara peringatan Kemerdekaan Republik Indonesia ing dinten menika.
Ing dinten menika, kita ngleksanani acara kanggo mengeti ulang tahun kemerdekaan bangsa kita, Indonesia. Mugi-mugi kanthi acara menika, rasa tresna lan bangga dhumateng negara kita tansah ngrembaka lan nguwataken semangat kebersamaan ing antawisipun warga.
Kulo ucapaken maturnuwun sanget dhumateng sedoyo warga ingkang sampun mbantu nyiapaken acara menika. Mugi-mugi Gusti Allah maringi pahala lan berkah tumrap kita sedoyo.
Mboten kados mekaten mawon, kulo nyuwun maaf menawi wonten kekirangan lan kesalahan sakmeniko. Mangga kita nikmati acara punika kanthi penuh rasa syukur lan keguyuban.
Sekian sambutan saking kulo, ingkang terakhir kulo ucapaken Dirgahayu Republik Indonesia! Merdeka!
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus (4)
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bapak-bapak, Ibu-ibu, sedherek sedaya ingkang kula kurmati.
Puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dhumateng kita sedaya. Saengga ing kalodhangan menika, kita saged kempal kanthi sehat wal afiat kangge nindakaken karnaval ingkang sampun kita impi-impi.
Kula minangka Ketua RT, ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya. Panitia, para mudha, saha warga ingkang sampun ngorbanaken wekdal, tenaga, lan pikiran kangge nyuksesaken acara menika.
Karnaval menika sejatosipun boten namung arak-arakan biasa. Ananging, wonten ing karnaval menika kita saged ndadosaken sarana kangge nggugah rasa guyub rukun lan gotong royong ingkang sampun dados ciri khas bangsa kita.
Kita sedaya kumpul, mboten ningali agami, suku, utawi jabatan. Sedaya sami-sami makarti kangge ndadosaken acara menika meriah.
Mugi-mugi, kanthi acara karnaval menika, kita saged nanduraken rasa tresna dhumateng bangsa lan negari. Kita kedah saged ngisi kamardikan kanthi bab-bab ingkang positif lan migunani. Kados ngisi pembangunan, njagi kerukunan, lan ngajeni perbedaan ingkang wonten ing masyarakat.
Monggo, kita wujudaken lingkungan RT ingkang maju, sejahtera, aman, lan tentrem. Mugi-mugi, Indonesia tansah pinaringan berkah lan kemajuan. Mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus (5)
Sugeng dalu, salam sejahtera kagem sedaya hadirin ingkang kula hormati.
Ing dalu ingkang kebak berkah menika, sumangga kita sareng-sareng ngrayakaken lan ngemut-emut momen bersejarah kagem bangsa kita, inggih punika dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 81. Acara dalu tirakatan puniki dados bentuk pakurmatan lan penghargaan dhateng para pahlawan ingkang sampun berjuang kaliyan gigih demi kamardikan kita.
Kamardikan sanes lah bebingah ingkang dugi kaliyan gampil, ananging kasil saking perjuangan, pengorbanan, lan sengkuyung juang ingkang mboten tergoyahkan. Dinten menika, kita kempal lebet sengkuyung nasionalisme kagem ngemutaken dhiri kita piyambak ajeng nilai-nilai ingkang ndhasari kamardikan: persatuan, gotong-royong, lan keberagaman.
Bangsa Indonesia madeg saking pinten-pinten suku, agami, lan budaya ingkang benten, nanging kita bersatu lebet setunggal sengkuyung kebangsaan. Sumangga kita jagi kebersamaan puniki, jagi kerukunan ing antawis tangga-tangga kita, saha menjalin harmoni lebeting benten ingkang wonten.
Wonten tengah dinamika jaman ingkang terus ebah, sumangga kita perkokoh sengkuyung gotong-royong. Wekdal menika, kita angsal lampah langkung kathah kagem lingkungan antawising kita, kados njagi kebersihan lingkungan, tumut lebet program sosial, utawi maringaken rencangan dhateng sesami ingkang mbetahaken.
Medal dalu tirakatan puniki, sumangga kita tingkataken raos tresna tanah air lan kebanggaan dados wargi indonesia. Sumangga kita sambut masa ngajeng kaliyan sengkuyung optimisme, kontribusi aktif lebeting yasa komunitas ingkang langkung sae lan berdaya.
Kula ngaturaken matur nuwun dhateng sedaya ingkang sampun rawuh dalu menika, saha dhateng sedaya ingkang sampun kontribusi lebeting penyelenggaraan acara menika. Mugi-mugi sengkuyung persatuan lan keberagaman menika terus menerangi langkah-langkah kula lan panjenengan tumuju masa ngajeng ingkang miyos gemilang.
Matur nuwun lan sugeng ngrayakaken dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 81.
MERDEKA! MERDEKA! MERDEKA!
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Itulah lima contoh sambutan ketua RT 17 Agustus singkat bahasa Jawa sebagai referensi untuk berbagai acara peringatan HUT RI ke-81.