3 Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Pendidikan

Destiara Anggita Putri
6 Juni 2024, 13:51
 Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Pendidikan
Pexels
Ilustrasi, pidato tentang pendidikan.
Button AI Summarize

Contoh pidato bahasa Jawa singkat tentang pendidikan ini bisa dijadikan sebagai referensi, terutama bagi yang ingin membuatnya untuk acara yang berkaitan dengan topik ini. 

Dilansir dari KBBI,  pidato adalah pengungkapan pikiran dalam bentuk kata-kata yang ditujukan kepada orang banyak, atau wacana yang disiapkan untuk diucapkan di depan khalayak.

Selain dalam bahasa Indonesia, pidato juga bisa disampaikan dengan memakai bahasa daerah, seperti bahasa jawa.

Sama seperti pidato bahasa Indonesia, topik yang diangkat dalam pidato bahasa jawa pun bisa beragam. Salah satunya adalah pendidikan yang bisa disampaikan pada peringatan tertentu seperti acara Hari Pendidikan Nasional atau Hardiknas.

Berikut ini beberapa contoh pidato tentang pendidikan yang bisa dipelajari bila tertarik untuk membuat pidato dengan topik serupa.

Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Pendidikan

Berikut ini tiga contoh pidato bahasa Jawa singkat dari berbagai sumber sebagai referensi bila ingin untuk membuat pidato dengan topik pendidikan.

Contoh pidato pendidikan di sekolah
Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Pendidikan (Unsplash)

Contoh Pidato 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah Dasar Sukamulya

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas 1 dumugi 6 Sekolah Dasar Sukamulya

Lan rencang-rencang, siswa/siswi Sekolah Dasar Sukamulya ingkang kula tresnani

Mboten wonten ucapan luwih agung, tinimbang puji syukur dumateng gusti Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan karunia iman lan kesehatan Sholawat lan salam ugi katuraken dumateng junjungan kito, Nabi Muhammad SAW ingkang sampun maringi petunjuk dumateng kita sedoyo.

Ing papan menika, kawulo dipun utus dateng rencang-rencang sedanten supados nyampeaken sesorah bab pendidikan kagem mengeti Hari Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei.

Pendidikan menika sangat penting kangge siswa siswi SD Sukamulya khususipun, ugi masyarakat Indonesia umumipun.

Menawi pendidikan mboten kecukupan, urip menika mboten saged tata.

Mula, kito sedaya tansah nguri-uri budaya maca supados pendidikan saged mlaku kanthi lancar. Ki Hajar Dewantara, Bapak Pendidikan Nasional merjuangaken pendidikan kagem rakyat Indonesia.

Pendidikan ingkang kadah dipun perjuangaken contonipun budi pekerti lan pendidikan moral.

Siswa siswi SD Sukamulya kados ngangsu kawruh wonten papan sekolah ugi papan panggonan sareng ibu bapak.

Ampun kesupen ngangsu kawruh bab agama amarga ilmu kasebat penting kagem urip ing jaman samenika.

Cekap semanten sesorah pendidikan ingkang saged kula aturaken.

Mugi-mugi wonten manfaatipun Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agunging samudro pangeksami.

Wassalamualaikum wr. wb.

Contoh Pidato 2

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dhumateng para bapak ibu ingkang kinormatan. Ing dinten niki sumangga kita ngaturaken syukur dhumateng gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat saenggo kita saget kempal wonten mriki kangge ngengeti pendidikan nasional.

Sanget perlu kita sedaya sumerapi pemerintah bangsa indonesia dan dalam kitabipun UUD 1945 sampun wonten program wajib belajar 9 tahun.

Wekdal nabi menika tasih gesang nempel wonten program lan perintah wajib belajar kagem umat. Perkara niku sedaya umat beliau saged dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan ingkang apa kang sedya. Boten dados umat ingkang bodo. Menika uga pengendakane nabi dalam riwayat ibnu abdil barr.

Pados ilmu niku tekan negeri cina mboten nopo-nopo. Ing agami Islam meniko, kita diwanti-wanti madosi ilmu kanti tebih.

Para hadirin ingkang kinurmatan. Ing dinten hari pendidikan nasional punika, monggo kita sedaya kula lan panjenengan ningkataken malih anggenipun kito pados ilmu, menika ilmu agami utawi ilmu pengetahuan. Ilmu ingkang wonten hubungan kaliyan gesang ing dunyo lan wonten ilmu ingkang kaliyan akhirat.

Cukup sementen sesorah ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun agungeng pangapura.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Contoh Pidato 3

Assalamu’alaikum wr.wb

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah.

Dhumateng Bapak lan Ibu guru.

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Sepindah, sumonggo kito sedoyo tansah muji syukur dumateng ngersane Gusti Allah kang moho luhur, deneng punopo kawulo panjenengan tasih pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, soho inayah sehinggo kito sedoyo saget dateng wonten mriki kanti sehat wal 'afiyat.

Kaping kalih, sholawat serta salam mugi-mugi tetep kaaturaken dateng Nabi Muhammad SAW. Kanti arep-arepan mugio kito niki angsal syafaatipun mbesok ing yaumil qiyamah.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Ingkang mengeti Hari Pendidikan Nasional niki, kulo badhe maringi saketik tutur kata tentang pendidikan.

Pendidikan niku identik kaliyan lembaga sekolah, pondhok pesantren, bimbel lan liyane. Wonten ing sekolahan para siswa-siswi diwenehi pendidikan ugi wawasan lmu alam, wawasan ilmu sosial, lan ilmu agama. Ananging pendidikan niku mboten ing sekolah formal mawon, sebab menungso urip meniko kedah selalu belajar wonten ing pundi kemawon tempat.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Pendidikan ingkang penting sanget punika wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki saya amburadul, saya rusak amargi kurang benteng ilmu agama ugi ilmu akhlak lan tata krama. Mula tugas para guru lan wali murid kudu nemeni anggene ndidik para putra-putri terutama nipun ndidik akhlak supados bener lan pinter.

Contonipun kemerosotan akhlak budi pekerti niku katah saget mulai saking griya kalih tiyang sepuhipun. Sakniki sampun jarang nggih mireng putra-putri matur kalih tiyang sepah ngagem krama, sing katah nggih ngagem bahasa ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih menika bahasa krama luwih-luwih krama inggil.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih punika ndidik supados para siswa saget mangertosi ilmu umum, agama, adab lan ugi tata krama. Mula bocah-bocah sing ora padha gelem sekolah ayo padha diajak supados gelem melbu sekolah maning, sebab menawi putra-putri generasi penerus mboten purun sekolah mangke saget ngrasakke piyambak gelane ora sekolah.

Pun cekap semanten ingkang kulo aturaken, mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo kalebet tiyang kang pikantuk rahmat, lan ridha ne Allah.

Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapura. Wabillahi taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum wr.wb

Itulah tiga contoh pidato bahasa Jawa singkat tentang pendidikan sebagai referensi bila ingin membuat teks pidato dengan topik serupa.

Editor: Agung

Cek juga data ini

Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...