5 Contoh Cerita Libur Lebaran dalam Bahasa Jawa yang Seru dan Menarik

Destiara Anggita Putri
8 April 2025, 15:09
Contoh Cerita Libur Lebaran dalam Bahasa Jawa
iStockPhoto
Button AI SummarizeMembuat ringkasan dengan AI

Pemerintah menetapkan libur Lebaran untuk anak sekolah akan berakhir pada 8 April 2025. Dengan demikian. pada 9 April 2025, semua murid akan kembali belajar di sekolah.

Ketika masa liburan selesai dan siswa kembali masuk sekolah, mereka biasanya akan diberikan tugas untuk menulis cerita libur Lebaran mereka, seperti mudik, berkunjung ke rumah sanak saudara, kumpul keluarga, dan kegiatan seru atau tradisi saat Lebaran.

Tidak hanya dalam bahasa Indonesia, terkadang ada juga guru yang meminta siswa untuk menulisnya dalam bahasa daerah seperti bahasa Jawa.

Berikut di bawah ini beberapa contoh cerita libur lebaran dalam bahasa Jawa yang bisa disimak sebagai referensi.

Contoh Cerita Libur Lebaran dalam Bahasa Jawa

Berikut ini 5 contoh cerita libur lebaran dalam bahasa Jawa dari berbagai sumber yang bisa dijadikan sebagai referensi.

Contoh Cerita Pengalaman Liburan Hari Raya Idul Fitri Bahasa Inggris
Contoh Cerita Libur Lebaran dalam Bahasa Jawa (Unsplash)

1. Preinan ing Omah Embah neng Kampung 

Dina preian lebaran wingi aku lunga menyang omahe embahku neng kampung karo Ibu, Bapak lan adikku. 

Bapak nggawa mobil neng omah e simbah bar salam-salaman neng omah. Omahe embahku ana ing ndesa. 

Latar e masih jembar, akeh wit-witan gede, wit jambu, wit pelem, sawah e masih ijo-ijo, nggawe seger neng mripat. 

Aku seneng banget bisa preian ing omahe mbahku. Ora mung silaturahmi karo keluarga laine, nanging juga bisa dolan-dolan neng kebon karo sawahe embah. 

Cedek omahe mbahku juga ana kali sing banyune tesih bening. Aku diajak embahku neng kana adus-adusan neng kali. 

Seger banget banyune, masih akeh watu-watuane. Bapakku ngajak nginep rong ndina neng umah mbahku. Padahal aku masih pingin dolan neng kana, sing tek tekani pas liburan tok.

2. Dolan Menyang Malioboro

Nalika prei lebaran, aku mutusaké dolan menyang Malioboro kanggo njajal kahanan lan keunikan kutha Yogyakarta. Aku dolan mrono karo adikku numpak sepeda motor. Jarak Boyolali menyang kutho Yogyakarta kurang luwih sekitar 60 kilometer. Namung butuh wektu 1,5 jam perjalanan aku wis tekan Yogya, amarga aku ngebut.

Dalan raya wis mulai rame amarga akeh pemudik sing dolan menyang Yogya. Aku lan adiku sempat leren sedilit ning daerah Kalasan lan jajan dawet. Dawet kalasan iki wis terkenal enak lan akeh pemudik lan wisatawan sing mampir. Pas tak sruputdawete, rasane legi, gurih, lan seger. Regane dawet ya murah, mung sepuluh ewu sak porsi.

Kutha Yogyakarta iki pancen dadi panggonan kang nyenengke lan ngangeni. Saka dalan-dalane sing rame karo para pedagang lan wisatawan, nganti aroma wedang jahe soko angkringan lan panganan khas Jogja marai aku pengen jajan maneh.

Pas tekan Malioboro, jebul rame banget! Aku nganti kangelan sing golek parkir motor amargo wis do kebak. Aku lan adikku mlaku-mlaku nyusuri trotoar sing akeh toko-toko souvenir, galeri seni, lan warung tradisional. Selain toko, uga ana sing adol jajanan khas kuto Yogyakarta, kaya onde-onde lan bakpia.

Aku mlaku-mlaku keliling Malioboro nganti sore saking senenge. Rasane betah banget nonton kahanan Malioboro sing ora tau sepi. Adikku seneng foto-foto ing bangunan-bangunan lawas. Ora gur foto-foto tok, tapi yo gawe video nggo update nang TikTok ben ketok bahagia.

Jam pitu wengi, aku lan adikku bali soko Malioboro. Awak rasane kesel tapi bungah amargo iso dolan menyang Malioboro.

3. Dolan Nang Candi Gedong Songo Bareng Konco-Konco

Liburan ing Candi Gedong Songo iku pengalaman kang ora iso dilalekake. Nalika prei lebaran wingi, aku lan kanca-kanca padha mangkat dolan menyang cansi Gedong Songo kang dumunung ing Bandungan, Kabupaten Semarang.

Aku lan kanca-kanca mangkat saka Boyolali lewat jalu Ampel - Tuntang, ngliwati sawah ijo royo-royo lan pemandangan Rawa Pening. Tekan ing kompleks candi, awakku langsung kelingan marang warisan budaya sing adi luhung, ditampilake liwat struktur bangunan candi kuna sing nyimpen crita abad kepungkur.

Tekan Candi Gedong Songo, aku lan kancaku tuku tiket sing regane enem belas ewu kanggo sak tiket. Sing marai penasaran soko candi iki yo jenenge, Gedong Songo. Nanging pas tak itung, candine mung enek pitu. Aku ra ngerti candi ke wolu lan songo enek opo ora.

Dolan nang Candi Gedong Songo iku awake kudu kuat lan sehat. Soale perlu tenogo akeh kanggo njlejah candi iki. Awakmu kudu ngliwati undak-undakan kang akeh, jalur mungguah mudun sing ekstrem, lan jarak sing kudu katempuh lumayan adoh.

Ing sekitaran Candi akeh warung kang adol jajanan, oleh-oleh, lan souvenir. Amarga awakku kesel lan ngelih, aku lan konco-konco jajan bakmi instan karo mendoan. Rega jajanan ing kana murah lan sing bakul yo apikan.

Jam telu sore aku lan kanca-kancaku bali menyang Boyolali. Awake kesel, nanging atine bungah. Mengko yen prei meneh, aku lan kanca-kanca arep dolan menyang Rawa Pening genti.

4. Preian ing Omahe Mbah

Liburan Idul Fitri kepungkur, aku lan wong tuwaku milih preinan ing omahe mbah putri. Akeh kegiatan sing nyenengake lan nyenengake nalika preian ing omahe mbah. Kaya dolanan petak umpet ing sawah. Banjur nerusake kegiatan mancing ing blumbang.

Sajrone preian sekolah ing kampung halaman, penulis ngalami akeh kegiatan sing nyenengake lan nyenengake. Salah sawijine yaiku panulis kenal kanca anyar ing desa. Akèh-akèhé saka kulawarga kelas ekonomi menengah ngisor. Wong tuwane urip dadi tani.

Ora let suwe bapak lan ibu ngajak aku menyang kebon mburi omahe mbah putri. Sampeyan bisa ndeleng macem-macem wit woh ing mburi omahe Mbah sing subur banget. Uga katon ana nanas sing wis mateng lan woh sirsak. Kanthi bantuane bapak, aku bisa methik nanas lan sirsak.

Sawise methik wohe, aku adus. Ora let suwi bapak lan ibukku njaluk pamit marang mbahku. Mbah mesem bungah nalika aku salaman karo mbah njaluk ijin bali menyang kutha. Ojo lali, Mbahku paringi Rp 40.000. Aku uga seneng banget.

5. Dolan Menyang Omahe Simbah Ning Purworejo

Preinan lebaran iki, aku dolan menyang omahe simbah. Omah mbahku ana ing Purworejo, kurang luwih 10 kilometer etan bandara YIA. Aku dolan nang omahe simbah karo bapak, ibu, adek, lan mbakku numpak mobil. Sakwise 3 jam perjalanan, aku lan keluarga wis tekan omahe simbah.

Sakwise padha takon kabar lan nyegeri rasa kangen sedhela, aku lan adikku mlaku metu saka omahe simbah sing latare ombo banget. Omah-omah nang deso biasane gede lan latare yo ombo lan akeh wit-witan.

Ing mburi omahe simbah, ana wit pelem sing lagi awoh. Jare simbah, iku jenenge pelem gadung, sing rasane legi banget lan seger. Aku langsung mlaku njupuk genter kang endheg ing sisih omah. Aku njupuk genter kuwi, banjur nyeret menyang cedak wit pelem.

Simbah banjur njupuk genter mau lan nyodok menyang pelem sing wis ketok mateng. Sawetara woh tiba, lan aku langsung jupuki woh-wohan mau. Bar kui aku, adikku lan simbah bareng-bareng kita mlayu menyang pawon nggawa woh pelem kuwi. Rasane pelem enak banget, amarga paduan manise lan sethithik kecut seger pas kanggo aku.

Sajeroning dolan ing omahe simbah, aku kerep nggoleki macem-macem woh-wohan ing sacedhake pekaranga. Kuwi pancen kegiatan sing nyenengake tenan amarga ing omahku ora ana wit ngono kui amarga lemahe sempit. Ana pelem, kates, jambu, lan liya-liyane.

Aku lan keluarga nginep telung dina nang omahe simbah. Preinan iki pancen nyenengake, iso tilik simbah sinambi refreshing nang deso kang asri.

Itulah lima contoh cerita libur Lebaran dalam bahasa Jawa yang seru dan menarik sebagai referensi.

Baca artikel ini lewat aplikasi mobile.

Dapatkan pengalaman membaca lebih nyaman dan nikmati fitur menarik lainnya lewat aplikasi mobile Katadata.

mobile apps preview
Editor: Safrezi

Cek juga data ini

Artikel Terkait

Video Pilihan