10 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa yang Singkat dan Mudah Dihafal
Di Indonesia, banyak sekolah dasar atau SD biasanya menyelenggarakan acara perpiasahan untuk merayakan kelulusan siswa kelas 6. Tidak hanya merayakan kelulusan, acara ini juga kerap menjadi momen dimana dimana para siswa bisa berkumpul untuk terakhir kalinya.
Pada acara ini juga biasanya terdapat sesi penyampaian pidato oleh salah satu perwakilan siswa. Adapun isi pidato umumnya berisi kesan selama bersekolah, ungkapan terima kasih sekaligus permohonan maaf kepada teman-teman, guru, hingga staf sekolah.
Pidato perpisahan bisa disampaikan dalam bahasa Indonesia. Namun di daerah tertentu, ada kalanya sekolah meminta siswa menyampaikannya dalam bahasa daerah seperti bahasa Jawa.
Berikut di bawah ini kumpulancontoh pidato perpisahan kelas 6 bahasa Jawa yang bisa disampaikan.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa
Berikut ini 10 contoh pidato singkat dalam bahasa Jawa yang mudah dihafal bila ditunjuk untuk menyampaikannya saat acara perpisahan kelas 6.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (1)
Assalamu’alaikum warhmatullohi wabarokatuh
Nuwun Bapa utawi Ibu kepala sekolah ingkang kula hurmati, undangan Bapak utawi Ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan, rencang ingkang kula tresnani kulo banggaaken. Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang Maha Agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahinggo ing dalem punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.
Kula minangka wakil saking kelas 6 agungin panuwun tanpa umpami kagem Bapak lan Ibu guru sedaya anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan konco-konco saengga kula lan konco-konco saged ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika.
Kula kaliyan konco-konco naming saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan Bapak lan Ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.
Boten kasupen kulo kalian konco-koncoku kula nyuwun pangapunten, asring kagem Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani panggalih panjenengan Bapak Ibu guru sedaya.
Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.
Wassamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (2)
Assalamualaikum wr. wb.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak/Ibu guru saha Bapak/Ibu wali murid ingkang kula khurmati, saha para kanca ingkang kula tresnani.
Ingkang sepisan sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT awit saking kanugrahan lan rohmatipun ing dinten menika kita saged manunggal wonten ing papan menika saperlu ngawontenaken perpisahan.
Wonten ing ngriki kula minangka sesulih saking kanca-kanca kelas 9, badhe ngaturaken agunging panuwun awit saking kersanipun Bapak Kepala Sekolah, guru-guru saha tiyang sepuhipun siswa anggenipun rawuh wonten ing adicara perpisahan menika.
Salajengipun kula badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah saha para guru ingkang sampun didik kula langkung saking tigang taun.
Mesthine guru-guru sing wis telung taun nyekolahke kita lan ngembangake potensi kita, asring ngalami kuciwane amarga sikap kita.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (3)
Mugi Rahayu Ingkang Pinagih
Bapak/Ibu wali murid saha Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati, kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kita ngaturaken panuwun dhumateng ngarsanipun Gusti, ingkang sampun paring kasarasan saha kaslametan dhumateng kita sedaya. Kula minangka sesulihipun kanca-kanca ngaturaken panuwun dhumateng Bapak/Ibu ingkang sampun rawuh wonten ing panghargyan menika.
Bapak/Ibu ingkang kinurmatan, kula sakanca sampun saget ngrampungaken ujian kanthi sae saengga kita saget lulus sedaya. Mboten kraos sampun enam tahun kula sakanca sinau sasarengan. Raosipun mongkok saget ngrampungaken sekolah ngantos kelas 6. Kula sakanca badhe nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi saget nerasaken anggenipun sekolah.
Mugi donga panyengkuyungipun Bapak/Ibu Guru saget nambahi kekiyatan kula anggenipun nggayuh sesarepan. Bapak/Ibu Guru, kula sakanca nyuwun agunging pangaksami, bilih kula sakanca gadhah tumindak ingkang kirang mranani. Mugi Bapak/Ibu Guru kersa paring pangapunten.
Cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bilih wonten kalepatan saha kekirangan. Nuwun.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (4)
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sugeng enjing Bapak/ Ibu Guru lan rencang-rencang. Kula ngaturaken salam pangabekti dhumateng Bapak/Ibu Guru lan para warga sekolah.
Dinten menika, kula ngaturaken pamitan mewakili rencang-rencang kelas 6. Sampun katah sangat ilu lan pengalaman ingkang kita gadahi saking sekolah menika.
Kenangan enem taun bakalan dados kenangan ingkang bermakna kagem kita. Matur nuwun sangat dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun mbimbing kita.
Bapak/Ibu guru, kita sampun ngangsu kawruh ing sekolahan menika. Kula lan rencang-rencang tansah nyuwun pangestu supados saged nglajengaken pasinaon ing pawiyatan ingkang luwih Inggil.
Salajengipun, panyuwun kula dhumateng adhi-adhi kelas, mugi saged langkung sregep anggenipun sinau lan tansah sarwa becik ing tatakrama.
Kula ugi ngaturaken matur nuwun kagem rencang-rencang ingkan sampun mlampah sesarengan. Semoga sekolah iki tambah maju lan adik-adik saget nerusaken jejak apik.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (5)
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Yang kinurmatan Bapak/Ibu Guru, para tamu, lan kanca-kanca sing tak tresnani.
Dina iki minangka dina sing penting lan nyedhihak. Kita kudu pisah saka sekolah tercinta iki. Wis 6 taun kita sinau, dolanan, lan sinau bebarengan.
Matur nuwun sanget kanggo Bapak/Ibu Guru. Tanpa panjenengan, aku lan kanca-kanca ora bisa ngerti maca, nulis, ngitung, lan laku becik. Panjenengan iku kaya cahya kang nuntun dalan kita.
Saiki aku mung bisa nyuwun pangapunten lan donga. Mugi panjenengan tansah pinaringan sihat lan berkah. Mugi kanca-kanca kabeh bisa nggayuh masa depan sing cerah.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (6)
Sugeng Siang, Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan
Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani
Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.
Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.
Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur.
Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04.
Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.
Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (7)
Assalammualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih mugi tansah lumintu.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SD Merdeka, Bapak/Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi, rencang-rencang kelas 6, lan adhik kelas 1 dugi 5 ingkang kula tresnani.
Sumangga kula saha panjengan sami ngaturaken puji syukur marang Gusti, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan ing adicara perpisahan menika.
Kula Fauzan Nasrul, minangka wakil saking rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak katah kagem Bapak/Ibu guru ingkang sampun maringi pitedah lan ilmu dhumateng kula sakanca kanthi ikhlasing manah.
Kula lan rencang-rencang ugi nyuwun donga pangestu. Mugi sasampunipun medal saking pawiyatan Menika kula sakanca dados tiyang kang migunani bangsa lan saged pikantuk sekolah ingkang dipunidam-idamke.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten kagem Bapak/Ibu guru, saking atur solah bawa ingkang boten mranani penggalih panjenengan.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula cekapi semanten pamitan kula, sedaya kıranging atur saha trapsila nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (8)
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dhumateng Bapak/Ibu kepala sekolah, Bapak Ibu guru saha Bapak Ibu siswa ingkang kula hormati.
Semono uga kanca-kanca lan kanca-kanca kelas sing tak tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung awit saking pangayomanipun ing enjing menika kita saged makempal wonten ing papan menika saperlu ngawontenaken acara perpisahan.
Ing mriki kula minangka wakil saking rencang-rencang kelas 6, ngaturaken agunging panuwun awit saking kersane Bapak kepala sekolah, Bapak/Ibu guru saha Bapak Ibu guru rawuh wonten ing adicara perpisahan menika.
Mliginipun kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak kepala sekolah saha para guru ingkang sampun nggulawenthah kirang langkung enem taun.
Wonten ing kalodhangan menika kula nyuwun pangapunten menawi wonten ing nem tahun kapengker kula saha rencang-rencang kathah tumindakipun, utawi tembung-tembung ingkang mboten ndadosaken renaning penggalih para guru, pramila ing dinten menika kula nyuwun agunging pangapunten.
Kawula ugi ngaturaken piweling dhumateng adik-adik kelas, mugi-mugi sasampunipun budhal adik-adik tetep sregep lan sregep sinau. Mènèhana conto sing apik saka awaké déwé, lan sing èlèk dibuwang sangka awaké déwé.
Wonten ing kalodhangan menika ugi nyuwun pamit saha nyuwun restu saking Bapak Ibu guru, supados saged nglajengaken dhateng SMP pilihanipun. Janji yen ing SMP bakal sregep sinau kanggo nguri-uri jeneng apik sekolah.
Ingkang pungkasan, mekaten ingkang saged kula aturaken, nyuwun pangapunten menawi wonten atur ingkang kirang mranani penggalih Bapak kepala sekolah, Bapak Ibu guru saha para rawuh sedaya. Matur nuwun.
Wassalamu alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (9)
Ingkang kaulo hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kesehatan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged dateng wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Kula, wakil saking rencang-rencang kelas enem ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.
Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo. Mugi-mugi Bapak Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo kaleh rencang-rencang.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (10)
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sugeng enjing, salam rahayu kangge kita sedaya.
Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru kinasih, para karyawan sekolah, saha kanca-kanca kelas 6 ingkang kula tresnani.
Wonten dina punika, kula ngaturaken matur nuwun sanget kagem sedaya kang sampun diparingaken. Kita sampun bebarengan, sinau, dolanan, lan sesrawungan.
Sakniki sampun enem taun kita bebarengan. Mboten keraos, sakniki wekdalipun pisahan kalih rencang-rencang.
Sanajan kita mboten sinau bebarengan malih wonten mriki, kula ngaturaken semangat kagem rencang-rencang. Sinau mboten enten rampunge. Mugi rencang-rencang pinaringan sehat, semangat nuntut ilmu, lan diparingi kelancaran.
Ati kita tetep nyawiji. Kita tetep saget silaturahmi. Matur nuwun dhumateng Bapak lan Ibu Guru. Panjengenan sampun dados cahya kang nuntun urip kula lan kanca-kanca.
Kula mewakili rencang-rencang ugi nyuwun pangapunten marang Bapak lan Ibu Guru. Mugi Allah Swt. tansah paring berkah kagem panjenengan sedaya.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Maturnuwun.
Itulah 10 contoh pidato perpisahan kelas 6 bahasa Jawa yang singkat dan mudah dihafal bila ditunjuk sebagai perwakilan siswa untuk menyampaikannya.


