10 Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus Singkat Bahasa Jawa untuk Acara HUT RI
Tidak lama lagi, masyarakat Indonesia akan memperingati HUT ke-80 RI pada 17 Agustus 2025 mendatang.
Menjelang hari bersejarah tersebut, masyarakat biasanya akan mengadakan berbagai kegiatan, mulai dari lomba, acara resmi lembaga, hingga tirakatan malam untuk menyemarakkan HUT RI.
Di lingkungan RT, biasanya ketua RT memberikan sambutan singkat di awal acara sebagai pembuka momen perayaan tahunan itu. Adapun sambutan ini umumnya berisi tentang semangat kemerdekaan dan nasionalisme.
Di beberapa daerah seperti Jawa Tengah, Yogyakarta, dan Jawa Timur, sambutan ketua RT biasanya menggunakan bahasa Jawa, terutama krama inggil sebagai bentuk rasa hormat kepada para tamu undangan.
Berikut di bawah ini beberapa contoh sambutan ketua RT 17 Agustus singkat Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus Singkat Bahasa Jawa
Berikut ini sepuluh contoh sambutan singkat dalam bahasa Jawa dari berbagai sumber yang bisa dijadikan referensi bagi ketua RT pada saat acara 17 Agustus.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus 1
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sepisanan, kawula ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi rahmat, nikmat, saha sehat wilujeng, saéngga kita sedaya saged kapanggih lan makempal wonten ing papan punika kanthi bingah, kagem nglaksanani acara lomba peringatan dinten kamardikan Republik Indonesia.
Kawula, minangka Ketua RT, ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng sedaya warga ingkang sampun kersa nyengkuyung, nyawisaken wekdal, tenaga, saha pikiran, supados acara punika saged lumampah kanthi lancar lan marem.
Lomba punika mboten namung dados ajang panglipur, nanging ugi minangka wujud pangestunipun kita dhumateng para pejuang bangsa ingkang sampun paring korban gedhe tumrap kamardikan tanah air.
Mugi kanthi acara punika, rasa paseduluran, kekompakan, saha semangat gotong royong wonten ing masyarakat kita tansah kasembadan lan langgeng. Kula nyuwun supados sedaya warga saged melu kanthi sportif, ngajeni saben tiyang, saha njaga kerukunan bebrayan.
Pungkasanipun, kawula nyuwun pangestu dhumateng sedaya, mugi acara lomba 17 Agustusan ing RT kita tansah kaparingan kelancaran lan pinaringan berkah saking Gusti Allah SWT.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus 2
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Sugeng enjing, para rawuh ingkang kula hormati.
Ingkang kaping sepindhah, sumangga kita panjatkan puja lan puji syukur dhateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget makempal ing papan punika.
Bapak, ibu, lan para pemuda-pemudi ingkang kula tresnani, Dinten ingkang sae punika, kita sedaya ngelingi perjuangan para pahlawan ingkang sampun ngorbanaken jiwa raga kangge ngraih kemerdekaan bangsa. Tanpa perjuangan ingkang tanpa lelah, kita boten saged ngrasakaken kamardikan ingkang sae kados sapunika.
Kemerdekaan menika inggih minangka amanah ingkang sanget ageng kangge kita sedaya. Kita kudu ngisi kemerdekaan punika kanthi cara ngelakoni amal kebajikan, tumindak ingkang sae, lan ngembangaken potensi diri.
Para pemuda minangka generasi penerus bangsa, punika gadhah peran ingkang sanget penting ingkang kedah dipun pikul. Ayo kita wujudaken semangat gotong royong, persatuan, lan kesatuan. Mari kita bangun nagari kita Yogyakarta lan negara kita Indonesia dados nagari ingkang luwih maju lan sejahtera.
Mugi-mugi Gusti Allah SWT tansah paring berkah lan rahmat dhateng kita sedaya. Amin.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus 3
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Para pepunden ingkang satuhu kinabekten, ugi para pinisepuh miwah sesepuh ingkang dhahat kinurmatan.
Lurah [nama wilayah] Bapak/Ibu .... ingkang kula hormati.
Dukuh [nama wilayah] Bapak/Ibu ... ingkang kula hormati.
Bapak-bapak, ibu-ibu warga [nama wilayah] ingkang minulyo, saha sedherek kadang kaneman ingkang sutresna.
Alhamdulillahirobbil 'alamin, wash-shalatu wassalamu ala Rasulillah wala haula walla quwwata illa billah amma ba'du.
Sumangga kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah SWT. ingkang Maha Welas lan Maha Asih, ingkang tansah paring mapinten-pinten rahmat lan hidayahipun, saengga kita sedaya saged makempal ingin papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus ing [nama wilayah] menika.
Shalawat saha salam mugi katetepaken dumateng junjungan kita sedaya, Nabi Muhammad SAW ingkang kita tengga syafaatipun wonten ing yaumul akhir samangke.
Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang minulya, keparenga kula minangka ketua RT, ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga [nama wilayah] ingkang sampun kersa paring pambiyantu dhumateng panitia, saengga reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 80 tahun 2025 menika saged lancar saking purwakaning kegiatan dumugi pungkasan.
Para rawuh ingkang kulo hormati, kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, soho adik-adik ingkang sampun kersa nderek sarta ngregengaken lomba 17 Agustus wonten ing [nama wilayah] menika. Mugi-mugi lomba-lomba menika, saged ndadosaken warga [nama wilayah] langkung kompak, langkung guyub.
Bapak-bapak saha ibu-ibu, ingkang pungkasan, kula minangka ketua RT ugi nyuwun agunging pangapunten mbok menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI menika, kathah klenta-klentunipun ingkang mboten nujuprono ing penggalih.
Saking kula cekap semanten, wabillahi taufiq wal hidayah, wassalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus 4
Assalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh
Sugeng dalu para sedherek ingkang kawula khurmati. Sepisan sumangga kita sesarengan ngucap raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan, amargi namung saking rohmatipun kita saged nglempak ing papan punika.
Kaping kalihipun shalawat ugi salam boten kesupen tansaha katur dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamat samangke.
Para sedherek ingkang kawula khurmatu, dalu punika kita nglempak ing bale RT ngriki kagem ngeling-eling salah satunggiling dinten bersejarah tumrap nagari kita Indonesia ingkang ngrayakaken dinten kamardhikanipun ingkang kaping 80 kanthi nindakaken malem tirakatan.
Prelu kita kawuningani bilih kamardhikan ingkang kita raosaken saniki menika. Sanes bebingah saking bangsa sanes.
Nanging, mujudaken asil saking perjuwanganipun para pejuwang kita ingkang sampung toh nyawa ngrebut saking bangsa penjajah.
Kathah sanget para pahlawan ingkang sampun pralaya ing paprangan lan mboten sempet nyecep manising kamardhikan.
Mula saking niku, salebeting adicara malem tirakatan dalu punika, kita boten badhe nirakati supados kamardhikan ingkang kita raosaken saged lestari ngantos puputing wekdal.
Nanging, ugi kagem kirim donga kagem para pahlawan ingkang sampun kersa merjuwangaken kamardhikanipun Indonesia, ingkang wekdal punika sampun sowan ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Wikan.
Mugia kanthi donga ingkang kita maos sageda ndadosaken arwahipun para pahlawan ditampi sedaya amal kesaenanipun sarta pikantuk pangapura sedaya kalepatanipun.
Kagem bapak (Sebutkan Nama) sumangga kula aturi kagem mimpin donga kagem miwiti adicara malem tirakatan dalu punika.
Cekap semanten saking kula, menawi wonten lepating ukara sarta tembung ingkang sampun kinucap, kula nyuwun agunging pangaksama.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus 5
Sugeng dalu, salam sejahtera kagem sedaya hadirin ingkang kula hormati.
Ing dalu ingkang kebak berkah menika, sumangga kita sareng-sareng ngrayakaken lan ngemut-emut momen bersejarah kagem bangsa kita, inggih punika dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 79. Acara dalu tirakatan puniki dados bentuk pakurmatan lan penghargaan dhateng para pahlawan ingkang sampun berjuang kaliyan gigih demi kamardikan kita.
Kamardikan sanes lah bebingah ingkang dugi kaliyan gampil, ananging kasil saking perjuangan, pengorbanan, lan sengkuyung juang ingkang mboten tergoyahkan. Dinten menika, kita kempal lebet sengkuyung nasionalisme kagem ngemutaken dhiri kita piyambak ajeng nilai-nilai ingkang ndhasari kamardikan: persatuan, gotong-royong, lan keberagaman.
Bangsa Indonesia madeg saking pinten-pinten suku, agami, lan budaya ingkang benten, nanging kita bersatu lebet setunggal sengkuyung kebangsaan. Sumangga kita jagi kebersamaan puniki, jagi kerukunan ing antawis tangga-tangga kita, saha menjalin harmoni lebeting benten ingkang wonten.
Wonten tengah dinamika jaman ingkang terus ebah, sumangga kita perkokoh sengkuyung gotong-royong. Wekdal menika, kita angsal lampah langkung kathah kagem lingkungan antawising kita, kados njagi kebersihan lingkungan, tumut lebet program sosial, utawi maringaken rencangan dhateng sesami ingkang mbetahaken.
Medal dalu tirakatan puniki, sumangga kita tingkataken raos tresna tanah air lan kebanggaan dados wargi indonesia. Sumangga kita sambut masa ngajeng kaliyan sengkuyung optimisme, kontribusi aktif lebeting yasa komunitas ingkang langkung sae lan berdaya.
Kula ngaturaken matur nuwun dhateng sedaya ingkang sampun rawuh dalu menika, saha dhateng sedaya ingkang sampun kontribusi lebeting penyelenggaraan acara menika. Mugi-mugi sengkuyung persatuan lan keberagaman menika terus menerangi langkah-langkah kula lan panjenengan tumuju masa ngajeng ingkang miyos gemilang.
Matur nuwun lan sugeng ngrayakaken dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 80.
MERDEKA! MERDEKA! MERDEKA!
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus 6
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bapak-bapak, Ibu-ibu, sedherek sedaya ingkang kula kurmati.
Puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dhumateng kita sedaya. Saengga ing kalodhangan menika, kita saged kempal kanthi sehat wal afiat kangge nindakaken karnaval ingkang sampun kita impi-impi.
Kula minangka Ketua RT, ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya. Panitia, para mudha, saha warga ingkang sampun ngorbanaken wekdal, tenaga, lan pikiran kangge nyuksesaken acara menika.
Karnaval menika sejatosipun boten namung arak-arakan biasa. Ananging, wonten ing karnaval menika kita saged ndadosaken sarana kangge nggugah rasa guyub rukun lan gotong royong ingkang sampun dados ciri khas bangsa kita.
Kita sedaya kumpul, mboten ningali agami, suku, utawi jabatan. Sedaya sami-sami makarti kangge ndadosaken acara menika meriah.
Mugi-mugi, kanthi acara karnaval menika, kita saged nanduraken rasa tresna dhumateng bangsa lan negari. Kita kedah saged ngisi kamardikan kanthi bab-bab ingkang positif lan migunani. Kados ngisi pembangunan, njagi kerukunan, lan ngajeni perbedaan ingkang wonten ing masyarakat.
Monggo, kita wujudaken lingkungan RT ingkang maju, sejahtera, aman, lan tentrem. Mugi-mugi, Indonesia tansah pinaringan berkah lan kemajuan. Mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus 7
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sugeng enjang/sonten/dalu bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedoyo warga RT 0X sing kulo tresnani. Alhamdulillah, kita sedoyo saged kumpul bebarengan wonten ing acara peringatan Kemerdekaan Republik Indonesia ing dinten menika.
Ing dinten menika, kita ngleksanani acara kanggo mengeti ulang tahun kemerdekaan bangsa kita, Indonesia. Mugi-mugi kanthi acara menika, rasa tresna lan bangga dhumateng negara kita tansah ngrembaka lan nguwataken semangat kebersamaan ing antawisipun warga.
Kulo ucapaken maturnuwun sanget dhumateng sedoyo warga ingkang sampun mbantu nyiapaken acara menika. Mugi-mugi Gusti Allah maringi pahala lan berkah tumrap kita sedoyo.
Mboten kados mekaten mawon, kulo nyuwun maaf menawi wonten kekirangan lan kesalahan sakmeniko. Mangga kita nikmati acara punika kanthi penuh rasa syukur lan keguyuban.
Sekian sambutan saking kulo, ingkang terakhir kulo ucapaken Dirgahayu Republik Indonesia! Merdeka!
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus 8
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Para pinisepuh saking dhukuh [nama wilayah] ingkang tansah dhahat kinurmatan, ugi para warga [nama wilayah] ingkang tansah kula tresnani.
Sepisan, sumangga sesarengan kita aturaken puji sokur dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan ingkang sampun paring kathah sanget kenikmatan tumrap kita sedaya.
Amargi namung saking rohmat ugi kasarasan saking Gusti Allah Ingkang Maha Asih, kita taksih kagungan wekdal sarta kalodhangan saged kempal ing papan punika kanthi bagas, waras, boten kirang setunggal punapa.
Boten kesupen sholawat ugi salam mugya tansah konjuk dhumateng junjungan kita sedaya inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamat mangke.
Para rawuh, kita kempal dalu punika kagem nindakaken malem tirakatan 17 Agustus. Ancasipun adicara punika kagem ngeling-eling lelabuhanipun para pahlawan ingkang sampun ngurbanaken jiwa lan raganipun kagem ngrebut kamardhikan ingkang kita raosaken saniki saking para penjajah.
Para rawuh kamardhikan Indonesia ingkang taun punika sampun ngancik 80 warsa punika sanes pawewehanipun bangsa sanes.
Nanging, para pahlawan kita ingkang sampun ngupayaken piyambak. Mula saking niku, saniki tugas kita sareng njagi supados kamardhikan niki tansah saged lestari.
Proklamasi ingkang sampun kawaos 80 warsa kepengker punika sejatosipun sanes pungkasanipun perjuangan.
Amargi taksih kathah sanget tugas ingkang kedah kita tindakaken kagem nglajengan gegayuhanipun para pahlawan.
Kita tansah kedah makarya sesarengan kanthi guyub lan rukun supados kamardhikan ingkang sampun kalampahan saged ndadosaken gesang kita dados langkung sae.
Sanese niku, taksih kathah sanget pihak-pihak tartamtu ingkang kepengin mirsani kita cengkar saengga kamardhikan ingkang kita raosaken saged kabasmi.
Mula saking niku, sumangga dalu punika kita tansah ngraketaken malih paseduluran supados boten gampil cokrah kaliyan sedherek piyambak.
Boten kesupen, sumangga dalu punika kita ngirim donga dhumateng para pahlawan ingkang sampun marak sowan ing ngarsanipun Gusti Allah.
Mugiya kanthi donga ingkang kita kirim saged ndadosaken tumurunipun pangaksama saking Gusti Allah tumrah kaluputan ingkang sampun dipuntindakaken dening para pahlawan kita.
Wasana, cekap semanten ingkang saged kula aturaken, pramila wonten lepating atur, kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus 9
Assalamualaikum Wr. Wb.
Matur nuwun dhumateng adhik pranatacara awit paringipun wekdal dhateng kula. Kula nuwun, sagung para alim ulama ingkang dhat kinurmatan, saha sadaya warga ageng ... ingkang minulya ing budi.
Kaparenga kula mapras kamardhikan sagung para tamu ingkang saweg satata lenggah eca imbal wacana, nun inggih keparenga kula ngadeg ing ngriki minangka panitia pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping 79.
Langkung rumiyin kula muji syukur dhumateng Allah saha ndherek ndedonga mugi negari kula dalah panjenengan pinaringan dirga yuswa tansah pinaringan sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Selajengipun, kula ngaturaken maewu-ewu agunging panuwun awit sedaya warga ... ngriki sampung kersa rawuh ing kalodhangan menika saha kersa paring pambiyantu wujud menapa kemawon ingkang boten saged kula piji mbaka setunggal, saengga adicara pengetan dinten kamardhikan 17 Agustus menika saged lumampah kanthi rancag.
Lan mbok bilih ing dalu menika panitia boten saged caos palenggahan saha pamboja krama ingkang trep kaliyan penggalih Panjenengan sadaya, saestu panitia namung tadhah lumah tetesing aksama.
Sagung para pilenggah ingkang mahambeg berbudi utami, sumangga kanthi pengetan ing dalu menika, sareng-sareng ngengingaken cipta saha ndedonga mugi-mugi negari Indonesia tansah pinaringan gemah ripah loh jinawi, murah ingkang sarwa tinumbas, tuwuh ingkang tinanem, jejeging peprentahan linambaran adil paramarta, boten sami cecengilan, gontok-gontokan rebatan panguwaos, saha enggal luwar saking krisis ingkang ngeres-eresi menika, Allahuma amin.
Wasana, sumangga kasekecakna lelenggahan ngantos paripumaning adicara. Kula piyambeg ingkang kajibah matur namung titah sawantah, ingkang boten sepi saking lepat, pramila menawi kathah sisip sembiring atur saha kirang trapsilaning patrap, kersa mbedhah korining samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb. Wekdal katur dhateng pranatacara. Nuwun.
Contoh Sambutan Ketua RT 17 Agustus 10
Asssalamualaikum Wr. Wb. Ingkang kinurmatan bapak RW ….
Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para remaja desa ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.
Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping pitung puluh songo. Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.
Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah. Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Itulah sepuluh contoh sambutan ketua RT 17 Agustus singkat bahasa Jawa yang mudah dipahami untuk acara peringatan HUT ke-80 RI.


