5 Contoh Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus Bahasa Jawa untuk Acara HUT RI ke-81
Tidak lama lagi, masyarakat Indonesia akan memperingati HUT RI ke-81 yang selalu diperingati setiap tanggal 17 Agustus. Untuk tahun ini, peringatan Hari Kemerdekaan RI dilaksanakan pada hari Senin, 17 Agustus 2026 dengan mengusung tema "Indonesia Berdaulat, Adil, dan Makmur".
Untuk memeriahkan momen bersejarah tersebut, masyarakat biasanya akan menyelenggarakan berbagai acara menarik, seperti lomba, kirab hingga pertunjukan. Sama seperti acara pada umumnya, terdapat sesi dimana ketua panitia 17 Agustus akan memberikan sambutan yang berisi kata-kata semangat, ucapan terima kasih dan harapan agar acara berjalan dengan lancar.
Di berbagai daerah yang penduduknya menggunakan bahasa Jawa dalam kehidupan sehari-hari, sambutan ini bahkan disampaikan dalam bahasa Jawa terutama krama inggil sebagai rasa hormat kepada para tamu undangan.
Berikut di bawah ini beberapa contoh sambutan ketua panitia 17 Agustus Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi.
Contoh Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus Bahasa Jawa
Berikut ini lima contoh sambutan dalam bahasa Jawa dari berbagai sumber yang bisa dijadikan referensi bagi ketua panitia untuk berbagai acara peringatan HUT RI ke-81.
Contoh Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus (1)
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Sugeng enjing para sederek, warga desa sing kinurmatan.
Kaping pisan, mugi kita tansah ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Allah Swt., awit kita saged nglumpuk bebarengan ngraosaken dangu kamardikanipun bangsa Indonesia.
Ing dinten punika, kita boten namung nglempakaken kagem dolanan lan paseduluran, nanging ugi ngelingi perjuangan para pahlawan kang sampun maringi kamardikan dhumateng kita sedaya.
Mugi semangat perjuangan punika saged ndadekake kita tansah guyub rukun, migunakake kekiyatan bebarengan kangge mbangun desa lan bangsa.
Matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun nyengkuyung acara menika, mugi Gusti paring berkah lan rahayu dhumateng kita kabeh.
Sugeng nglajengaken acara, mugi tansah kenging kabingahan lan katentreman.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus (2)
Sugeng dalu para sedherek ingkang kawula tresnani
Ingkang kinurmat para sesepuh, pini sepuh, aji sesepuh ingkang tansah kinabekten.
Para bapak, para ibu, sarta para sedherek ingkang kawula khurmati.
Kawula minangka sesulih saking ketua panitia HUT ke-81 RI 17 Agustus RW/Desa (nama), badhe ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun ingkang ageng dhumateng para bapak, ibu, lan para sedherek sedaya, ingkang sampun kersa ngrawuhi adicara rapat RT wulanan ing wekdal dalu punika.
Mugi-mugi tindakipun panjenengan saking ndalem dumugi papan punika klebet ngibadah ingkang ing tembe bakal pikantuk ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT.
Salajengipun, menawi anggenipun panitia gupuh suguh ugi aruh dhumateng panjenengan, kula minangka sesulihipun ingkang kagungan kersa nyuwun agungipun pangaksami.
Para bapak, ibu, dalah para sedherek sedaya.
Cekap semanten atur kawula minangka menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 81 menika, kula sacara pribadhi nyuwun agunge pangaksami.
Waalaikum salam warahmatullahi wabarakatuh
Contoh Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus (3)
Para sepuh ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Lurah [jeneng wilayah], Bapak/Ibu Dukuh [jeneng wilayah], para warga [jeneng wilayah] ingkang kinasih lan kinurmatan, kadang kaneman ingkang tansah sumanak.
Alhamdulillahirobbil 'alamin, sholawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, mugi kito sedaya pinaringan syafaatipun wonten ing yaumul akhir. Aamiin.
Ing wengi menika, sumangga kito tansah nyuwun puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kawilujengan, kesehatan, lan kekiyatan, saengga kito saged makempal wonten ing acara tirakatan mengeti Kemerdekaan RI taun 2026 ing [nama wilayah] punika.
Kulo minangka juru atur saking Panitia Peringatan Kemerdekaan, ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa mbantu, ndhukung, lan rembugan, saengga kegiatan HUT RI menika saged lumampah lancar, saking wiwitan dumugi pungkasanipun.
Kula ugi nyuwun panuwun dhumateng para warga, para sederek enom, bapak-bapak, ibu-ibu, lan adik-adik ingkang sampun kersa melu ngregengaken lomba-lomba lan acara kampung. Mugi menika saged njalin kekompakan, nambah rasa persaudaraan, lan guyub rukun sesarengan.
Ing pungkasan, mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan, utawi klenta-klentu saking panitia nalika nyawisake kegiatan menika, kula pribadi nyuwun pangapunten ingkang ageng dhumateng panjenengan sedaya.
Mugi kegiatan menika ndadosaken berkah lan nyemangati kita nyambut kemerdekaan kanthi ati bersyukur lan semangat makaryo.
Cekap semanten, Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus (4)
Bismillahirrahmannirrahim.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Para pepundhen ingkang satuhu kinabekten,
para pinisepuh miwah sesepuh ingkang dhahat kinurmatan,
Lurah [nama wilayah] Bapak/Ibu .... ingkang kula hormati,
Dukuh [nama wilayah] Bapak/Ibu ...
Bapak-bapak, ibu-ibu warga [nama wilayah] ingkang minulya,
saha sedherek kadang kaneman ingkang sutresna
Alhamdulillah, Alhamdulillahirobbil 'alamin, wash-sholatu wassalamu ala Rasulillah wala haula walla quwwata illa billah amma ba'du.
Sumongo kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah Swt. ingkang Mahawelas lan Mahaasih, ingkang tansah paring mapinten-pinten rahmat lan hidayahipun, saenggo kita sedaya saged makempal ingin papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus ing [nama wilayah] menika.
Shalawat saha salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita sedaya, Nabu Muhammad saw. ingkang kita tengga syafaatipun wonten ing yaumul akhir samangke. Aamin.
Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang minulya, keparenga kula minangka perwakilan panitia pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 81 wonten ing taun 2026 menika, ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga [nama wilayah] ingkang sampun kersa paring pambiyantu dhumateng panitia, saengga reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 81 tahun menika saged lancar saking purwakaning kegiatan dumugi pungkasan.
Para rawuh ingkang kulo hormati, panitia ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, soho adik-adik ingkang sampun kersa nderek sarta ngregengaken lomba 17 Agustus wonten ing [nama wilayah] menika. Mugi-mugi lomba-lomba menika, saged ndadosaken warga [nama wilayah] langkung kompak saha langkung guyub.
Bapak-bapak saha ibu-ibu, ingkang pungkasan, kula minangka wakil panitia ugi nyuwun agunging pangapunten mbok menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 81 menika, panitia kathah klenta-klentunipun ingkang mboten nujuprono ing penggalih.
Saking kula cekap semanten.
Wabillahi taufiq wal hidayah, wassalamualaikum wr. wb.
Contoh Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus (5)
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang satuhu kinabekten. Poro rawuh kakung miwah putri ingkang kinurmatan, sarto poro wiranem ingkang tansah winangku sinudarsono.
Sadarengipun matur, kulo nyuwun lumunturing samudro pangaksami wonten ngarso panjenengan, dene sampun kumawani munggel pangandikan sarto kamardikan panjenengan sami ingkang nembe sekeco wawan pangandikan.
Poro rawuh ingkang satuhu kinurmatan. Langkung rumiyin monggo kito sedoyo sami ningkataken syukur lan taqwo kito wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah paring mapinten-pinten kanikmatan dhateng kula panjenengan sedaya, saenggo dumugi titi wanci puniko kita taksih pinaringan kawilujengan ing sadayanipun.
Shalawat sarto salam mugio tansah tumanduk wonten ing ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad Muhammad Shollallahu 'alaihi wasallam ingkang tansah kito antu-antu Syafaatipun mangke wonten ing dinten Yaumul Qiyamah. Allahumma Amin.
Poro lenggah ingkang dhahat kinurmatan.... Wonten ing kalodangan ingkang mirunggan meniko kulo minangkani pamundhutipun "Panitia Pengetan Kemardikan RI 2026" ngaturaken agunging panuwun dhumateng wargo [NAMA WILAYAH] ingkang sampun kerso paring pambiyantu dhumateng panitia, saengga reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 81 tahun 2026 menika saged lancar saking purwakaning kegiatan dumugi pungkasan.
Para rawuh ingkang kulo hormati, kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, soho adik-adik ingkang sampun kerso nderek sarta ngregengaken adicoro lomba 17 Agustus wonten ing [nama wilayah] menika. Mugi-mugi lomba-lomba menika, saged ndadosaken warga [nama wilayah] langkung kompak miwah guyub.
Poro lenggah ingkang minulyo, ingkang pungkasan, kula nyuwun agunging pangapunten mbok menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI menika, kathah klenta-klentunipun ingkang mboten nujuprono ing penggalih.
Cekap semanten ingkang dadhos atur kulo, wabillahi taufiq wal hidayah wa ridho wal inayah, Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Itulah lima contoh sambutan ketua panitia 17 Agustus bahasa Jawa sebagai referensi untuk berbagai acara peringatan HUT RI ke-81.

