8 Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa sebagai Referensi

Freepik
Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa
Penulis: Ghina Aulia
Editor: Safrezi
4/6/2024, 13.21 WIB

Pidato merupakan kegiatan mengungkapkan pikiran dalam bentuk kata-kata. Disampaikan oleh perseorangan kepada khalayak. Ada pun penyampaian pidato bisa berbentuk formal, semiformal, dan non formal, tergantung dari jenis acaranya.

Salah satu momen yang biasa diisi dengan pidato adalah perpisahan sekolah. Rangkaian kalimat disampaikan sebagai rasa syukur dan terima kasih kepada sekolah, guru, dan teman atas kelulusan.

Maka dari itu, kali ini kami ingin memberikan sejumlah contoh pidato perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa. Selengkapnya, simak tulisan berikut ini.

Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa #1

Sugeng Siang, Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan.

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.

Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa #2

Ingkang kaulo hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kesehatan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged dateng wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Kula, wakil saking rencang-rencang kelas enem ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.

Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo. Mugi-mugi Bapak Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo kaleh rencang-rencang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.

Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa #3

Assalamu’alaikum warhmatullohi wabarokatuh

Nuwun Bapa utawi Ibu kepala sekolah ingkang kula hurmati, undangan Bapak utawi Ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan, rencang ingkang kula tresnani kulo banggaaken. Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang Maha Agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahinggo ing dalem punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.

Kula minangka wakil saking kelas 6 agungin panuwun tanpa umpami kagem Bapak lan Ibu guru sedaya anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan konco-konco saengga kula lan konco-konco saged ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika.

Kula kaliyan konco-konco naming saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan Bapak lan Ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.

Boten kasupen kulo kalian konco-koncoku kula nyuwun pangapunten, asring kagem Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani panggalih panjenengan Bapak Ibu guru sedaya.

Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Wassamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa #4

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Dhumateng Bapak/Ibu kepala sekolah, Bapak Ibu guru saha Bapak Ibu siswa ingkang kula hormati.

Semono uga kanca-kanca lan kanca-kanca kelas sing tak tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung awit saking pangayomanipun ing enjing menika kita saged makempal wonten ing papan menika saperlu ngawontenaken acara perpisahan.

Ing mriki kula minangka wakil saking rencang-rencang kelas 6, ngaturaken agunging panuwun awit saking kersane Bapak kepala sekolah, Bapak/Ibu guru saha Bapak Ibu guru rawuh wonten ing adicara perpisahan menika.

Mliginipun kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak kepala sekolah saha para guru ingkang sampun nggulawenthah kirang langkung enem taun.

Wonten ing kalodhangan menika kula nyuwun pangapunten menawi wonten ing nem tahun kapengker kula saha rencang-rencang kathah tumindakipun, utawi tembung-tembung ingkang mboten ndadosaken renaning penggalih para guru, pramila ing dinten menika kula nyuwun agunging pangapunten.

Kawula ugi ngaturaken piweling dhumateng adik-adik kelas, mugi-mugi sasampunipun budhal adik-adik tetep sregep lan sregep sinau. Mènèhana conto sing apik saka awaké déwé, lan sing èlèk dibuwang sangka awaké déwé.

Wonten ing kalodhangan menika ugi nyuwun pamit saha nyuwun restu saking Bapak Ibu guru, supados saged nglajengaken dhateng SMP pilihanipun. Janji yen ing SMP bakal sregep sinau kanggo nguri-uri jeneng apik sekolah.

Ingkang pungkasan, mekaten ingkang saged kula aturaken, nyuwun pangapunten menawi wonten atur ingkang kirang mranani penggalih Bapak kepala sekolah, Bapak Ibu guru saha para rawuh sedaya. Matur nuwun.

Wassalamu alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa #5

Assalamualaikum wr. wb.

Bapak Kepala Sekolah, Bapak/Ibu guru saha Bapak/Ibu wali murid ingkang kula khurmati, saha para kanca ingkang kula tresnani.

Ingkang sepisan sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT awit saking kanugrahan lan rohmatipun ing dinten menika kita saged manunggal wonten ing papan menika saperlu ngawontenaken perpisahan.

Wonten ing ngriki kula minangka sesulih saking kanca-kanca kelas 9, badhe ngaturaken agunging panuwun awit saking kersanipun Bapak Kepala Sekolah, guru-guru saha tiyang sepuhipun siswa anggenipun rawuh wonten ing adicara perpisahan menika.

Salajengipun kula badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah saha para guru ingkang sampun didik kula langkung saking tigang taun.

Mesthine guru-guru sing wis telung taun nyekolahke kita lan ngembangake potensi kita, asring ngalami kuciwane amarga sikap kita.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb.

Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa #6

Assalamualaikum warhmatullohi wabarokatuh Nuwun Bapa utawi Ibu kepala sekolah ingkang kula hurmati, undangan Bapak utawi Ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan, rencang ingkang kula tresnani kulo banggaaken.

Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang Maha Agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahinggo ing dalem punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.

Kula minangka wakil saking kelas 6 agungin panuwun tanpa umpami kagem Bapak lan Ibu guru sedaya anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan konco-konco saengga kula lan konco-konco saged ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika.

Kula kaliyan konco-konco naming saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan Bapak lan Ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.

Boten kasupen kulo kalian konco-koncoku kula nyuwun pangapunten, asring kagem Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani panggalih panjenengan Bapak Ibu guru sedaya.

Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Wassamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa #7

Sugeng enjing, sadayana.

Puji syukur kanggo Gusti Allah ingkang Maha Asih, aweit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula, minangka wakil saking kelas enem, ngaturakeun agungin panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru saengga saged ngrampungaken kewajiban sekolah.

Mugi sedaya amal lan kasaenan panjenengan pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Asih lan Maha Agung.

Kula ugi ndedonga, mugi panjenengan sadaya pinaringan kasarasan, kawilujengan, lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Dhumateng rencang-rencang sedaya, mugi tansah pinaringan sehat, rahmat, saha barokah ing Gusti Allah, Amin.
Semanten saka kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, nyuwun pengapunten.

Matur nuwun. Ngantos kepanggih malih.

Wassalamualaikum wr. wb.

Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa #8

Assalamualaikum wr. wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru sahakaryawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas 6, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wontening pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kulo ndedongo mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin...

Wasana cekap semanten atur kulo, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kulo nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum wr. wb.

Demikian contoh pidato perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi. Biasanya pidato disampaikan oleh perwakilan siswa. Selain Kelas 6, biasanya juga ada sambutan atau ucapan selamat dari perwakilan kelas-kelas di bawahnya.