5 Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa dan Unsur yang Menyusunnya

Ghina Aulia
12 Juli 2024, 19:05
Contoh Teks Narasi Bahasa jawa
Pexels
Contoh Teks Narasi Bahasa jawa
Button AI Summarize

Narasi merupakan salah satu bentuk karya seni tulis yang secara spesifik membahas tema tertentu. Tujuan narasi ditulis yaitu untuk menyajikan suatu kejadian dan peristiwa dalam bentuk tulisan.

Menurut Kamus Besar Bahasa Indonesia, narasi adalah pengisahan suatu kejadian’ cerita atau deskripsi suatu kejadian atau peristiwa; kisahan; atau tema suatu karya seni.

Berikut ini sejumlah contoh teks narasi bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi, lengkap dengan penjelasannya.

Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa

1. Telat Sekolah

Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun karo kanca-kancaku cah papat, Dono, Joko, Andi lan Mardi. Konsere lekas jam wolu rampung jam 10. Aku lan kanca-kanca lunjak-lunjak saking senenge ngrongokane swarane musik band sing lagi nyanyi ing ndhuwur panggung. Kesel ora tak rasakne. Pokoke seneng.

Jam sepuluh, konsere wis bubar. Aku lan kanca-kanca banjur leren mangan ing warung karo ngobrol-ngobrol. Ora krasa wis jam rolas bengi. Walah wis kewengen. Aku lali yen mau pamit karo ibu, mulih omah jam sewelas. Nanging iki wis telat sak jam. Durung mlakune. Bisa luwih iki.

Mbuh piye mengko dadine yen aku wis tekan ngomah. Mungkin ibu bakal muring-muring jalaran aku mulih kewengen.
Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap.

Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget. Apa maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi rampung jam loro bengi.

PR wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku nglemah ana ing kasur. Mripatku wis kriyip-kriyip ora kuwat melek maneh.

Dhog...dhog...dhog….

Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku. Ibu njeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak HP ku, tak delok jam, wadhuh….

Wis jam 7 esuk. Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat sekolah. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.

2. Si Jago Abang

Pas iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing televisi wongten “Pawarta Enjing” ingkang mawartakake berita tentang kajadian kebakaran. Peristiwa iku kedadean ing salah sawijining panggong cerak marang sekolahanku.

Kebakaran iku kedadean jam 2 esuk. Amargi ana berita iku, aku banjur kaget lan kelingan kanca-kancaku sing manggon omah cerak panggon kebakaran. Ning sakjroning bathin, aku ndonga supados rencang-rencangku ora ono sing kenapa-kenapa.

Selawise ndeleng berita, aku banjur menyang sekolah. Sakbanjure mara sekolah, dongaku kandas, aku sedih, lan ngrasa melu nelangsa, amarga ana 10 kancaku ingkang panggonan omahe melu kebakar.

3. Gareng

Aku seneng banget karo kewan sing arane kucing. Ing omah aku duwe kucing sing banget daktresnani. Kucing aku dakjenengi Gareng. Sejatine Gareng iku dudu duweku, nanging dheweke ora sengaja ngenger ing omahku.

Biyen sadurunge ngenger, kucinge mlebu ing njero omahku. Omahku iku dodolan, pas ana wong tuku jenenge Pak Karom.Omonge biyen Gareng iku kucinge anake Pak Karom. Tapi omonge Pak Karom, Gareng iku biyen mlayu saka omahe. Mulane saiki malih ngalih ing omahku. Gareng iku kucing wedok rupane dhoreng-dhoreng.

Merga rupane dhoreng-dhoreng banjur dakjenengi Gareng. Kucinge iku ngguyokake tapi kereng. Amarga biyasane dakjaraki ora suwe malih nesu lan biyasane bisa nyakur.

Kucingku kuwi duwe anak siji lan ora suwe saka kuwi duwe anak maneh liwa. Sakwise iku ora suwe anake sing lima mau mati kabeh merga disembur ula. Saiki anake Gareng mung ana siji cacahe anake gareng tak jenengi si Blek.

4. Kutha Kendal

Jeneng Kendhal iku ujare para pinisepuh asale saka arane tetuwuhan aran wit Kendhal sing basa Latine disebut Cordia Myza. Wit kenndhal kasebut sakawit ditemokake dening Pangeran Benawa kang isih turunan Sultan Pajang sing wektu iku kapinujon isih ngayam alas jalaran ana dredah. Kutha Kendhal wektu semana isih awujud alas gung liwang-liwung.

Sawijining dina Pangeran Benawa ngutus andhahane kang aran Baureksa kanggo bebadra ing alas kendhal. Suprihe alas mau bisoa dadi papan padhukuhan kang reja lan ing tembe dipurih dadiya sawijining kutha sing gedhe. Prenahe alas kendhal kuwi dununge ana sisih kulone kutha Semarang saiki, utawa sisih wetane kutha Batang. Mangkono mau satleraman sejarahe kutha Kendhal sing katulis ana risalah Humas Pemda Kabupaten Kendhal.

Hari Jadi kutha Kendhal dening asil Seminar 1989 wis ditetepake tiba ing tanggal 26 Agustus 1628 kapungkur. dadi, engga saiki kabupaten kasebut wis umur 362 taun.

Geografi (papan palemahan)-ne pancen mujudake dhaerah sing potensial. Sebab, umume subur lan cocog banget ditanduri cengkeh, tebu, palawija, lan mbako sing saiki isih dadi primadhonane para kadang tani.

5. Alun-Alun Wonosobo

Dhek Minggu wingi, antarane jam 8 esuk aku mlaku-mlaku ing alun-alun Wonosobo. Olehku mlaku-mlaku bareng karo bapak, ibu, lan adhiku.

Alun-alun saiki wis beda karo dhisik. Dhisik durung rame kaya saiki. Saiki akeh wong-wong kang dodolan maneka werna kabutuhan.

Sing taktemoni wektu kuwi kayata bakul sandhangan, sandhal lan sepatu, maneka dolanan bocah, lan maneka panganan kang akeh jinise.

Sawise mlaku-mlaku saubengan, aku lan bapak ibu adhiku mampir ing bakul bubur ayam. Rampung sarapan bubur ibuku ngajak menyang bakul sandhangan, nanging aku ora gelem amarga aku pengin bali wae.

Unsur Penysun Teks Narasi Bahasa Jawa

Serupa halnya dengan teks narasi pada umumnya, untuk Bahasa Jawa juga ada unsur dan susunan tertentu dalam membuat teks narasi Bahasa Jawa, di antaranya:

1. Tema (Underan)
2. Tujuan (Ancas)
3. Bahan Cerita (Bakalan)
4. Kerangka Karangan (Rengrengan)

Selain empat poin di atas, unsur lainnya sama dengan teks narasi pada umumnya, yakni tokoh, alur, latar dan sudut pandang. Demikian juga dengan struktur yang membangun, seperti orientasi, komplikasi, resolusi dan koda.

Orientasi berisi tentang awal mula cerita, sedangkan komplikasi akan menyajikan konflik yang nantinya akan terselesaikan pada bagian resolusi. Terakhir, koda yang bersifat opsional, yaitu bisa muncul setelah penyelesaian permasalahan.

Sumber: Jawalogger, Brainly

Editor: Safrezi

Cek juga data ini

Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...