3 Dongeng Bahasa Jawa Pendek Sebagai Pengantar Tidur Anak

Destiara Anggita Putri
14 September 2023, 12:52
Dongeng Bahasa Jawa Pendek
Freepik
Ilustrasi, dongeng bahasa Jawa pendek.

Mbayangake Semut bakal perang tandhing klawan Gajah Putih sing njaga madu sing diwadhahi botol emas iki ndadekake Gagak wedi dhewe.

Bareng wis tekan sacedhake Goa Gambar. Gagak kaget banget weruh akeh watu pating ambyar lan wit-witan kang padha rubuh. Luwih kaget maneh nalika Gagak ngerti Gajah Putih nglimpruk tanpa daya.

“Oh, isih ambegan. Jebul Gajah Putih iki mung semaput, nanging sapa sing kasil nggawe Gajah Putih iki semaput?,” takone Gagak ing njero batin.

Gagak banjur mabur maneh lan nggoleki ing ngendi dununge Semut.

“Ah, mesthine kae botol emas sing isine madu paling enak,” batine Gagak sinambi ngendhekake anggene mabur.

Dumadakan  Gagak keprungu swara njaluk tulung.

“Kae swarane Semut, nanging ing ngendi?” batine Gagak. “Mut….Semut, kowe ing ngendi?” takone Gagak.

 “Aku ing kene, Gak. Aku kecemplung ing jero botol. Tulung entasna aku!” panjaluke Semut.

Amarga pengin cepet-cepet nulungi kancane. Gagak banjur nglebokake cucuke menyang bolongan botol.

Emane cara iki ora kasil amarga bolongane botol luwih cilik tinimbang cucuke.

“Piye carane nulungi Semut?” batine Gagak.

Ing satengahe rasa bingunge. Gagak nemu cara. Pecahan watu sing sumebar ing sakiwa tengene batol dicucuki cilik-cilik lan dilebokake menyang njero botol.

Sithik mbaka sithik madu ing njero botol gelem munjuk. Gandhenge iki ditindakake terus. Madu ing botol emas mau  banjur mluber lan Semut sing ana njerone katut metu.

 “Gak, aku matur nuwun. Kowe wis nylametake nyawaku. Sepurane sing gedhe merga aku ora nuruti omonganmu. Saupama aku manut karo kowe. Mesthine ora kaya ngene dadine,” ujare Semut.

“Padha-padha, Mut. Becike awake dhewe cepet-cepet ninggalake papan kene. Mumpung Gajah Putih durung tangi!” pangajake Gagak.

“Tapi aku isih lemes banget, Gak. Aku durung kuwat mlaku dhewe,” ujare Semut.

“Babagan kuwi kowe ora usah mikir. Saiki munggaha ing awakku!” prentahe Gagak.

Semut manut lan kanthi tenaga kang kasisa. Semut banjur munggah menyang gegere Gagak.

Gagak banjur mabur menyang angkasa. Ing perjalanan mulih Gagak takon, “Sing nggawe Gajah Putih semaput kae sapa, Mut?”

“Aku, Gak.”

Contoh Dongeng Bahasa Inggris
Dongeng Bahasa Jawa Pendek (Pexels)

3. Gatotkaca Gugur

Sumber: buku Suluh Basa Jawa Kelas VI untuk SD/MI, penerbit Duta (2015).

Prang Baratayudha wis kadaden. Prajurit sing dadi kurbaning perang akeh banget. Senapati Kurawa lan Pandhawa sing gugur ugo akeh. Mundhak dina prang ora suda, nanging sangsaya ndadi. Tegal Kurusetra sing dienggo ajange prong wis kebak bathang prajurit sing dadi korban prang.

Ganda amis lan bacin ngambra-ambra nganti tekan desa sopinggire kana. Dina iku, kanthi busana senapati kang wernane sarwa putih, Raden Gathutkaca pamit marang ibune, yaiku Dewi Arimbi. Dewi Arimbi kanthi rasa mongkog mangestoni putrane madeg senapati mbela leluhure.

Semono uga rakyat ing Pringgadani, kabeh padha nyengkuyung ratune, Prabu Anom Gathutkaca, moju ing paprangan madeg senapati Dewi Pregiwa, kanthi iklas nguntopake budhale garwane maju ing pabaratan.

Sanajan kaya ngapa abote, nanging wis dadi kuwajibane satriya mbela negara, bangsa, lan martabate. Gathutkaca dhewe rumangsa mongkog Jalaran dipercaya dening para leluhure madeg senapati agung Ing madyaning paprangan, prajurit Pringgadani sing dipandhegani dening Gathutkaca, maju nerjang barisane mungsuh tanpa nduweni rasa wedi babar pisan.

Dhasar prajurit buta, tenagane rosa, tandange yo ngedab edabi. Sedhela wae mungsuh bosah baseh giris weruh 27 tandange prajurit saka Pringgadoni. Apa maneh nalika weruh Gathutkaca sing pancen sekti mandraguna tur bisa mabur. Saka angkasa dheweke ngobrak-abrik prajurit Kurawa, Sing dadi korban pangamuke Gathutkaca lan prajurite ora bisa kapetung maneh.

Prajurit Kurawa sing isih urip padha mlayu golek slamete dhewe-dhewe. Ngerti kahanan sing kaya mangkono, age-age Kurawa misudha senapati agung, yaiku Adipati Karna. Klakon adu arep antarane Adipati Karna mungsuh Gathutkaca. Prang tandhing tanpa gaman rame banget. Nanging, suwe-suwe taton menawa Karna kasese Rumangsa yen kahanane mbebayani, Karna age-age ngunus panah Kunta Wijayadanu, Gathutkaca sing kelingan menawa wrangkane Kunta Wijayadanu nganti seprene isih monggon ing pusere, banjur mabur nggeblas mumbul menyang langit. Dheweke ngadoh saka cumlorote panah Wijayadanu.

Sejatine Wijayadanu ora tekan anggone ngoyak abure Gathutkaca. Nanging, merga disawut lan diterusake dening arwahe Kalabendana, sidone Gathutkaca bisa kena. Wusanane Gothutkaca gugur, mbelani bangsa lan negarane.

Halaman:
Editor: Agung
Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...