3 Cerita Horor Jawa yang Bikin Bulu Kuduk Merinding

Destiara Anggita Putri
11 Mei 2023, 14:20
Cerita Horor Jawa
Unsplash
Ilustrasi, gapura Jawa.

Tekan sakidule gerbang perumahane kancaku. Aku ketemu klawan simbah-simbah sing katone arep budhal menyang pasar.

Ing panyawangku, simbah-simbah kuwi nganggo klambi kutu baru lan tapihan jarik bathik. Piyambake ngindhit barang kang sajak abot banget.

Aku ngrasa mesakake karo simbah-simbah kuwi. Apa maneh wektu kuwi grimis wiwit tumurun kanthi rada deres.

Aku sempet rangu-rangu aweh pitulungan marang simbah-simbah kuwi. Awit samarku simbah sing weruhi wektu kuwi dudu manungsa.

Sadurunge aweh pitulungan. Aku nonton dhisik sikile simbah-simbah kuwi. Sawise weruh sukune simbah kuwi ndlamak ing lemah. Wusanane dakputusake aweh pitulungan marang simbah kuwi.

Sawise daksalip, aku banjur mandheg lan ngomong, “Mangga kula sarengi, Mbah.”

“Ora usah wae, Nak,” panulake Simbah kuwi.

Sarehne grimise tansaya deres. Aku rada meksa, “Pun, ta mangga sareng kula. Kebeneran kula nggih badhe liwat peken kok.”

Sidane simbahe gelem dakbarengi. Nalika simbah lungguh ing jok mburiku. Aku ngrasa ana beban sing krasa rada abot.

Aku sempet ngrasa ayem jalaran simbah sing dakbonceng iki manungsa lumrah. Amarga akeh polisi tidure lan dalane rada amoh. Anggenku numpak motor rada alon.

Kurang luwih 8 menit candhake. Aku wis tekan pasar Bekonang. Simbah sing dakboncengi banjur matur, “Wis, Nak. Aku dakmudhun kene wae.”

Aku banjur ngendhegake sepedha motorku. Sawise motor mandheg simbahe mudhun saka boncenganku.

“Matur nuwun ya, Nak.”

“Nggih, Mbah. Sami-sami.”

Sawise kuwi aku nerusake laku. Kira-kira sawetara dhetik candhake. Aku rumangsa penasaran karo simbah-simbah sing nembe dakbarengi.

Anehe bareng daktoleh simbahe wis ilang. Mesthi wae aku langsung mrinding. Aku langsung ngegas motorku sabanter-bantere.

Senajan wektu iku grimise wis dadi udan kang deres banget. Aku tetep nerusake laku tanpa mandheg kanggo mbukak mantel.

Awane watara jam 2 awan. Aku dolan menyang omahe kancaku sing mau bengi dakterake mulih. Ing kalodhangan kuwi kancaku crita babagan mistis sing kerep dumadi ing perumahane.

Salah sijine yaiku ing cedhak perumahane kerep ana wewujudan mirip simbah-simbah sing golek barengan. Lan nalika papan tujuan wewujudan kuwi ngilang.

Tekan saiki aku isih durung ngerti tenanan sing dakbonceng esuk kuwi manungsa tenanan utawa bangsane lelembut.

Halaman:
Editor: Agung
Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...