14 Contoh Geguritan Bahasa Jawa Singkat

Dwi Latifatul Fajri
21 Agustus 2023, 17:35
Geguritan Bahasa Jawa
Study Buddy
Ilustrasi, membaca geguritan.

Korupsi,
kuwi jalaran ora resiking ati
kang bisa ngrusak nagara
amarga kuwi korupsi kudu dibrantas

Moral kang bejad,
para pejabat tinggi kuwi bisa dadi tandha
rusaking nagara
Ing kono kene
Korupsi kaya wis dadi budaya
budaya kang ala mungguhing bangsa iki

4. Geguritan Tema Pendidikan Berjudul Ujian Sekolah

Apa ingkang kudu sira udi
Dimen bisa lolos
Yen wus cedhak wektu ujian sekolah
Aja dolan kang ora migunani
Antuk biji becik,ayo sinau
Tanggung jawab bisa lulus
Aja nglokro yen durung kasil
Bisane kelakon
Gegayuhan kang di karepake
Kulinakno tumindak kang becik
Aja kanggo pribadi
Wajib lung tinulung

5. Geguritan Berjudul Pahlawan Kuripan

Tak sawang sampeyan polah
Tak rungokne sampeyan ngomong
Tak rasakne sampeyang uga ngrasakne
Mirpat khayal dakngira dadi panutan
Aluse omonganmu kanggo atiku
Dadekne seneng ana atine kito
Sampek atiku ora pengen mlayu
Ngedohi dalan saktemene
Gulawethan marang aku

6. Geguritan Tema Pendidikan Berjudul Siswa

Junjungen panjangkamu seduwur-duwure
Sliramu mung siji-sijine pengarep ngarep bangsa iki
Kanggo zaman mbesok sing sumringah
Ing donyo iki mung awakmu

Sing arep nerusake perjuangan pahlawan
Kanggo jeneng apik bangsa
Ing ngarepe donyo
Aku weruh sliramu mesti bisa
Ing sajroning atimu anak tekad lan pangarp-arep
Sehingga panjangkamu kasembadan

7. Geguritan Tema Alam

Sembah nuwun konjuk Gusti
Ingkang kuwasa nyiptakake bumi
Sumringah lan bungah atiku
Nyawang ciptan kang agawe pikiran endah

Sembah nuwun, Gusti
Ingkang aweh rasa tresna marang manungsa
Supaya melu ngrumat alam
Lan ora tumindak ala uga ngrusak

8. Geguritan Tema Sekolah

Sekolahku,
Panggonku ngangsu kawruh
Dididik dening guru
Amrih dadi bocah kang mituhu

Sekolahku,
Gedungmu ora megah
Tegelmu dudu keramik
Nanging kenanganmu tansah takeling-eling

9. Geguritan Tema Lingkungan

Nalika aku mlaku-mlaku
Mripatku nyawang ijone wit-witan
Hawane seger, marai ati ayem
Sanajan dudu aku sing nandur
Aku tetep bisa lungguh ing sangisore

10. Geguritan Tema Pahlawan

Ora ana perjuangan pahlawan kang entheng
Getih lan nyawa, kuwi bayaran
Kanggo nagari Indonesia

Mula,
Kita lan wong tuwa
Kudu angreksa apa kang wis ana
Ora oleh sambat apa meneh ngersula

11. Geguritan Tema Agama

DHUH GUSTI

Oleh: Devi Nugraheni

adhuh Gusti Ingkang Maha Asih
mugi karsa paring sih wilasa
mring kawula ingkang sekeng
sekeng ing budi luhur
ugi sekeng manah kang suci
ngrasuk tindak kanisthan
kelut tindak linput
kapilut murka durzika
andhap asor asih tresna dipun sirik
nguja karsa priyangga
adhuh Gusti
menapa maling ingkang kedah ditindakke
menapa maling ingkang kedah diaturke
rikala bantala menika geger
nalika janma manungsa sami kurang ajar
dhuh Gusti
panjenengan ingkang ngerts wewadi
menapa inggih kedah ngaten niki

12. Geguritan Sekolah

Sekolahku
Panggonanku nuntut ilmu
Budhal ora tau nesu
Tangi esuk kui wis kewajibanku
Nyangklong lan nggawa buku

Tanpa sarapan lan sangu
Ora lali sragam lan nganggo sepatu
Mlaku bareng-bareng kancaku

KOMPETISI BAHASA DAN SASTRA JAWA 2022
KOMPETISI BAHASA DAN SASTRA JAWA 2022 (ANTARA FOTO/Andreas Fitri Atmoko/hp.)

13. Geguritan Berjudul Pangorbanan Guruku

Guruku, panjenengan mulang tanpa pamrih
Panjenengan mulang kanthi sabar
Panjenengan dijuluki pahlawan tanpa tanda jasa
Panjenengan ngurbanake jiwa lan raga
Panjenengan mulang kanthi welas asih

14. Geguritan Bertema Alam

Lintang

Tak sawang ing duwur awan
Reti lintang ngawe-ngawe
Dak ulurne tanganku kanggo ngaryuh
Anangeng ora teka
Aku ngerti lintang ngenteni
Nangeng kepriye maneh
Aku mung iso nyawang

Halaman:
Editor: Agung

Cek juga data ini

Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...