15 Contoh Geguritan Bahasa Jawa Singkat sebagai Referensi

Destiara Anggita Putri
13 Desember 2023, 12:24
Contoh Geguritan Bahasa Jawa
Unsplash/Kiwihug
Contoh geguritan bahasa Jawa.

Amarga ibu aku ana ning donya

Maturnuwun ibu

Aku tresna ibu

8. Endahe Alam

Yen mandheng alam iki

Pikiran susah dadi endah

Anggugah semangat urip kanggo jiwa iki

Ati pun dadi sumringah lan bungah

 

Yen ndelenguwit ijo royo-royo

Awujud ciptaan sing kuasa

Lan kesucian sinar surya

Kanggo pandange duniya iki

 

Puji syukur marang Gusti Allah

Marang keindahan isi bumi

Sing kudu dijaga lan dilestarikne

Tanpa ngilangake keindahane

9. Ngejaman

Oleh: Purwadmadi

Jam

gumingsiré kala

dhedhongkèl mangsa lumuh cidra

sengkala tidha ngresepi dina

Jam

panjiret lena

wanciné lingsir sakèhing langsir

pasang brahala rakit walat cintraka

gèsèh gesahing lampah Sang Murwakala

Ngejaman seksi jaman

Yogya kang gumléwang ngetus ampas panandhang

kangslupan watak sabrang

awak-awak adus tirta sumuk sumeng angleng rata

nitik laku lampah cidra

(Ngayogyakarta, Februari 2020)

Ilustrasi Membaca Geguritan
Contoh Geguritan Bahasa Jawa  (Study Buddy) 

10. Basa Tanpa Ukara

Karya: Dwi Winarno

Tan perlu ukara ngambra

Kanggo lare kang nerak subasita

Tumindak kurang trep, luput keladuk saru

Sangarep tamu, sesepuh utawa pangarsa praja 

Ulat lan sorot netra kanggo ngelikake

Tanpa lingsem kanggone lare

Krasa lan banjur rumangsa

Metani luputingsun,

Banjur kudu kepiye

Kanthi tlaten paring wewarah uga tuladha

Iki pinangka gambaran nyata

Adab budaya adiluhung kang kudu kajaga

11. Korupsi

Karya: Budi Susanto

Korupsi,

kuwi jalaran ora resiking ati

kang bisa ngrusak nagara

amarga kuwi korupsi kudu dibrantas

Moral kang bejad,

para pejabat tinggi

kuwi bisa dadi tandha

rusaking nagara

Ing kono kene

korupsi kaya wis dadi budaya

budaya kang ala mungguhing bangsa iki

12. Kahanan Jaman Saiki

Karya: Dewi Nurhidayati

Kahanan jaman saya ndrawasi

Bener kaanggep luput

Luput kaanggep bener

 

Aku tansah nggedumel

Para pemimpin kang kedah tinulad

Malah nerak angger-angger

Tumidak congkrah lan daksiya

 

Pranatan kawedhar

Ndadekake pawangon asor

Sangsaya kalindhih kajanan anyekik

Kahelis putering jaman

13. Sun Gegurit

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawunge saya ndadi

Raket wewekane sepi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wusanane tibeng papa

14.Pak Tani

Pancen leluhur bebudenmu

Urip prasaja ora kesusu

Ana ing desa kang asri

Urip rukun dadi petani

Tanduran digulawenthah ngati-ati

Gotong royong iku wis mesthi

Asile dienteni wong sanagari

Ora lali syukur rina wengi

Bu Tani uga pola

Nyiapake dhaharan ana ing omah

Banjur digawa menyang sawah

Dhahar ing galengan kanthi bungah

15. Pemut

Karya: Biyung Amie

Jeng,

Sumenekna penggalihmu ing jembare rasa darana

Aywa kongsi kentir ing ilining bena bang ludira

Nepi ing gisik dolanan othak-athik mathuke sanepa

Denwolak-walik kanthi waskitha werdi kang sanyata

Waspadakna, piji endi kang becik lan endi kang ala

Nulya gage gumregah sigra nuruta ilining tirta amerta

(Bawen, Ambarawa, Semarang)

Itulah 15 contoh geguritan bahasa Jawa singkat yang bisa dijadikan referensi bacaan agar lebih paham tentang karya sastra ini.