3 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 9 Bahasa Jawa yang Bisa Dihafalkan

Destiara Anggita Putri
25 April 2024, 13:43
Contoh pidato perpisahan kelas 9 bahasa Jawa
Dok. Balai Pelestarian Nilai Budaya Daerah Istimewa Yogyakarta
Ilustrasi, peserta lomba pidato bahasa Jawa.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki.

Kula, wakil saking rencang-rencang kelas sanga ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.

Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo.

Mugi-mugi Bapak Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo kaleh rencang-rencang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur.

Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Contoh Pidato Perpisahan 3

Ilustrasi, peserta lomba pidato bahasa Jawa.
Contoh pidato perpisahan kelas 9 bahasa Jawa (Dok. Balai Pelestarian Nilai Budaya Daerah Istimewa Yogyakarta)

Assalamu'alaikum wr wb.

Dhumateng bapak kepala sekolah, bapak-ibu guru, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo sareng-sareng njunjungake puja lan puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi berkah lan karunia, supados kita sedaya saged makempal ing papan menika.

Kula aturaken matur nuwun kaliyan bapak lan ibu guru ingkang sampun maringaken wekdal supados ngerawuhi acara menika.

Dhumateng ingkang kulo tresnani

Kula minangka wakilipun kelas 9 badhe ngaturaken agunging panuwun, amargi bapak lan ibu guru saking katresnan anggenipun nggulawentah dumatheng kula sakanca ngangsu kawruh ing sekolah menika, ingkang hasilipun kula sakanca lulus 100%.

Kula sakanca ugi nyuwun pandonganipun, mugi-mugi kula sakanca ketampi wonten ing sekolah ingkang sae, ingkang kula sakanca idam-idamaken.

Ing pungkasanipun, kula sakanca nyuwun agunging samudra pangaksami mbok bilih wonten atur kula sakanca utawi tindak tanduk ingkang mboten sae. Kula sakanca nyuwun pamit, dinten menika badhe nilaraken sekolah ingkang kula sakanca tresnani.

Mugi-mugi sekolah menika tetep majeng prestasi nipun.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Itulah tiga contoh pidato perpisahan kelas 9 dalam bahasa Jawa yang bisa dihafalkan untuk ujian praktek.

Halaman:
Editor: Agung
Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...