Memahami Unsur dalam Drama, dan Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa

Ghina Aulia
24 Juli 2023, 17:00
Contoh naskah drama Bahasa Jawa.
Unsplash
Ilustrasi, peragaan drama.

Ana ing naskah drama bahasa jawa 6 orang iki diceritakake Bocah 4 kui pada turun‐turunan jawaban.

Kaya biasane Bima sing terkenal dadi bocah paling sregep lan pinter dewe ana kelas katon sante lan ora turun‐turunan kaya kanca‐kancane.

Iwan : “Bim, kowe wis rampung?”
Bima : “durung sih Wan, tapi kurang telung soal tok”
Iwan : “Aku kandani jawaban nomer 23 ketuk 25 Bim”.
Bima : “Walah Wan rausah ya, emoh ngandani aku”
Iwan : “Lha emange nopo Bim? Kanca we kowe ki ra gelem kandan‐kandanan”
Dona : “Iya Bim, kowe ki ra nggaya suk raoleh nyonto ne kancane lho”
Andi : “Iya, kowe kan sing paling pinter sak kelas Bim mbok pisan‐pisan ngandani kancane”
Bima : “Iya sih, tapi ya ura turun‐turunan ngeneki carane”
Serli : “Lha napa j Bim? Mug telung soal we!”
Bima : “Ah kanggo aku nyonto apa sing wenehi turunan pada‐pada le ora bener, dosane pada. Aku
ora turun‐turunan merga wedi dusa, sory y my best prend”.
Serli : “Tapi iki soale angel tenan Bim, raisa nggarap aku blas ra ndue gambaran jawabane”
Dona : “Mbok ewangi Bim pisan‐pisan kowe ki ro kanca we ngunu”
Bima : “Emoh ya emoh”
Andi : “yawis. Urusen awakmu dewe Bim.” (Nesu)
Iwan : “wis, kita ndelok buku wae yuh”

Iwan banjur ngetokake buku saka tas e dewek e kanthi meneng‐meneng supaya ora diconangi ibu guru banjur ndelok rumus kang ana ing buku iku. Sawise kui banjur Serli nakoke jawabane marang Iwan.

Serli : “Piye wan? Ana apa ora?
Iwan : “ana, rungoke ya telulikur (23) A, patlikur (24) C, selawe (A)”

Ananging apes temen ki bocah‐bocah bandel, merga suwarane Iwan sing buanter Ibu guru mireng apa sing pada digunemke mau.

Bu Guru : “Cah papat iki, gaweane turun‐turunan wae. Metu seka kelas tinggal garapanmu kabeh”

Merga keconangan turun‐turunan siswa cacah papat (4) dihukum supaya ninggalake kelas lan ora oleh
melu ulangan kesebut.

Nasehat saka naskah drama bahasa jawa 6 orang ana ing nduwur: Dadi murid iku aja seneng nyonto lan turun‐turunan marang liyane merga kui ora apik tumrap masa depane kita kabeh. Luwih becik digarap dewe tanpa nyonto apa wae hasile yen dilakoni kanthi temenan mesti bakale sae.

Demikian pembahasan tentang contoh naskah drama Bahasa Jawa. Patut diketahui bahwa skrip di atas dapat diperankan oleh enam orang.

Sumber: Kumpulan Cerita Bahasa Jawa

Halaman:
Editor: Agung
Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...