10 Contoh Puisi Bahasa Jawa tentang Sekolah sebagai Referensi

Destiara Anggita Putri
22 Februari 2023, 11:47
Contoh Puisi Bahasa Jawa tentang Sekolah
Unsplash
Ilustrasi, suasana kelas.

Tansah sehat kang diupadi

Lingkungan sekolah kang tetep asri

Contoh Puisi 6: Taman ing Sekolahku

Sliramu katon endah lan resik

Ngganda arum wangi

Sumebar wiwit awang tekan wengi

Maneka tetanduran tinata kanthi edi lan peni

Manuk, kupu, tawon, lan kumbang

Padha nggumun nyawang kaendahanmu

Madune kembang ing taman sekolahku

Kaya ngawe-awe

Ngajak kabeh titah nyekseni kaendahane

 

Taman ing sekolahku

Endahmu gawe tentrem lan bungahe ati

Aku dadi betah sekolah

Merga kembangmu kang endah

Hawa segermu kasil nyirnakake

Panase dina gumanti hawa adhem

Gawe ati rinasa tentrem

 

Taman sekolahku

Tetepa lestari lan nyebar ganda wangi

Murih seneng ati iki

Daksuwun aja ana sing wani

Ngrusak tamanku

Supaya ora ana getun

Ing tembe mburi

Tips Pidato Pendidikan
Contoh Puisi Bahasa Jawa tentang Sekolah (Pexels)



Contoh Puisi 7:  Lingkungan Sekolah Adiwiyata

Sekolahku ya iku sekolah adiwiyata

Yen saben esuk kabeh ngeresiki lingkungan

Lan kembang-kembang podo disirami

Poro siswi podho guwak sampah

Ing panggonan kang sampun di sediakake

Ilingo yen sekolah iki sekolah adiwiyata

Wit-witan kang ijo royo-royo

Ngenei katentreman anggone sinau nuntut elmu

Patuh karo peratura yo penting

Ingkang ngajarake karesian lan kadisiplinan

Najan sekolahku eng deso nanging ora kalah karo sekolah kuta

Iku kang dadi cirine sekolahku

Ana akeh wit-witan lan kembang kang ijo lan endah

Contoh Puisi 8: Bangku Sekolahan

Sepiku wis sumare mitraku

Nalika kangenku marang sliramu

Kabuntel dening pedhut klawu

 

Mendhung-mendhung jingga ing gemubyare candhik alaKumlawe ing pinggire rasa

Aku nyoba sanja

Menawa isih ana esemmu senajan kabuntel lebu

 

Kembang-kembang mlathi

Nggandha wangi nyasmitakake rasa suci

Saka jatining dhiri

 

Duh, mitraku

Apa sliramu isih kelingan

Kepriye critane bangku sekolahmu?

Contoh Puisi 9: Sekolahku

Bangunan kang megah

Ayem, endah lan asri

Nambahi bungah atiku

Nambahi semangat siswa siswine

Golek ilmu kanggo mbesukke

Saben dino aku ngrungokke piwulange guru

Ora tau mbadal yen dituturi

Merga aku ngerti yen guru iku digugu lan ditiru

Tambah dina tambah marem atiku

Sekolah menyang SMP

Sing tambah maju prestasine

Contoh Puisi 10: Gurit Wis Wancine

Wis wancine sekolahe rampung

Amarga kabeh padha linglung

Sinambi namakake aji mumpung

Lulang macan padha didadekake kudhung

Wis wancine medal saka sekolahan

Lan melu ngedan

Supaya tetep keduman

Tinimbang kelara-lara saurute dalan

Wis wancine nyumet senthir

Sinambi ngenteni wengine lingsir

Nata weninge pikir

Amrih ora melu kenthir

Wis wancine pasrah

Nglerenake raga kang lungrah

Tinimbang melu polah

Kaya dene wong-wong sing ora tau sekolah

Halaman:
Editor: Agung
Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...
Advertisement