2 Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan sebagai Referensi

Destiara Anggita Putri
10 Februari 2023, 10:38
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan
Pexels
Ilustrasi, upacara kelulusan atau wisuda.

Wassalamu’alaikum wr.wb

Contoh 2

Assalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Ingkang kula khurmati bapak kepala sekolah SMAN 1 Kalidawir

Ingkang kula khurmati bapak/ibu guru SMAN 1 Kalidawir

Ingkang kula khurmati para bapak lan ibu wali murid siswa SMAN 1 Kalidawir

Ingkang sepisan sumangga kita ngaturaken raos sokur dhumaten Gusti Allah Ingkang Maha Wikan mergi namung saking sih katresnanipun kita saged nyawiji raos ing papan ngriki kanthi boten wonten alangan setunggal punapa.

Kaping kalihipun salawat ugi salam mugya tansah konjuk dhumateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu.

Bapak ugi ibu sedaya, ing kalodhangan punika kula dipun sukani jejibahan supados ngandharaken sesorah babagan wigatinipun pamulangan dhumateng para siswa kagem mengeti dinten Pendidikan Nasional.

Kalenggahanipun pendhidhikan tumraping gesang menika wigati sanget. Amargi namung pendhidhikan ingkang saged dipun dadosaken cepengan ugi gaman kagem ngadhepi obah mosiking jaman.

Contoh Pidato Serah Terima Jabatan Organisasi
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan (Unsplash)

Lumantar pendhidhikan kita saged ngudhari sakehing reruwet ingkang wonten gesangipun manungsa saben dintenipun.

Salejingipun ing pengetan dinten pendhidhikan menika, prayoginipun kita tansah kedah emut dhumateng lelabuhanipun Ki Hajar Dewantara ingkang sampun paring awer-awer kados pundi pendhidhikan ingkang sae.

Ki Hajar Dewantara sampun paring dhawuh menawi pendhidhikan menika boten namung papan pamulangan utawi sekolah kemawon. Amargi ingkang nami pendhidhikan menika saged ditindakaken dhateng pundi kemawon.

Kajawi dhateng sekolahan, pendhidhikan ugi kedah saged ditindakaken dhateng lingkungan masyarakat.

Salajengipun Ki Hajar Dewantara ugi nate matur menawi ing alam menika kalenggahanipun murid sarta guru menika sami.

Guru saged sinau dhateng murid, semanten ugi murid ugi kedah sinau dhumateng guru. Kahanan kados mekaten bakal ndadosaken sedaya pihak bakal ngupaya supados dados langkung becik saben dintenipun.

Ing perangan sanes, Ki Hajar Dewantara ugi ngemutaken menawi ing jagading pamulangan sedaya pihak saged nindakaken among, asih, sarta asah.

Ingkang tegesipun ngajab amrih saged momong, saged andum asih, sarta saged ngasah kabisanipun siswa supados dados langkung sae tinimbang dinten wingi.

Bapak lan ibu sedaya, kanthi ngeling-eling pesenipun Ki Hajar Dewantara mugya saged ndadosaken kita tiyang ingkang sae.

Cekap semanten rumiyin atur kula. Menawi wonten kirang langkungipun. Kula nyuwun agunging pangaksami.

Wasslamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Halaman:
Editor: Agung
Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...