Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa, Serta Penjelasan Lengkapnya

Ghina Aulia
12 Oktober 2022, 14:12
contoh teks narasi Bahasa Jawa
pexels/Pixabay
ilustrasi buku yang terbuka

Hari Jadi kutha Kendhal dening asil Seminar 1989 wis ditetepake tiba ing tanggal 26 Agustus 1628 kapungkur. dadi, engga saiki kabupaten kasebut wis umur 362 taun.

Geografi (papan palemahan)-ne pancen mujudake dhaerah sing potensial. Sebab, umume subur lan cocog banget ditanduri cengkeh, tebu, palawija, lan mbako sing saiki isih dadi primadhonane para kadang tani.

2. Telat Sekolah

Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun karo kanca-kancaku cah papat, Dono, Joko, Andi lan Mardi. Konsere lekas jam wolu rampung jam 10. Aku lan kanca-kanca lunjak-lunjak saking senenge ngrongokane swarane musik band sing lagi nyanyi ing ndhuwur panggung. Kesel ora tak rasakne. Pokoke seneng.

Jam sepuluh, konsere wis bubar. Aku lan kanca-kanca banjur leren mangan ing warung karo ngobrol-ngobrol. Ora krasa wis jam rolas bengi. Walah wis kewengen. Aku lali yen mau pamit karo ibu, mulih omah jam sewelas. Nanging iki wis telat sak jam. Durung mlakune. Bisa luwih iki.

Mbuh piye mengko dadine yen aku wis tekan ngomah. Mungkin ibu bakal muring-muring jalaran aku mulih kewengen.

Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap.

Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget. Apa maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi rampung jam loro bengi.

PR wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku nglemah ana ing kasur. Mripatku wis kriyip-kriyip ora kuwat melek maneh.

Dhog...dhog...dhog….

Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku. Ibu njeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak HP ku, tak delok jam, wadhuh….

Wis jam 7 esuk. Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat sekolah. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.

Demikian contoh teks narasi Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi Anda dalam menulis.



Halaman:
Editor: Intan
Berita Katadata.co.id di WhatsApp Anda

Dapatkan akses cepat ke berita terkini dan data berharga dari WhatsApp Channel Katadata.co.id

Ikuti kami

Artikel Terkait

Video Pilihan
Loading...